google.com, pub-4169750801100201, DIRECT, f08c47fec0942fa0
Tips Dan Trik Memancing Casting Iwak Kutug/Gabus | MUDA MUDI CONDROWANGSAN

Tips Dan Trik Memancing Casting Iwak Kutug/Gabus


Tips Dan Trik Memancing Casting Iwak Kutug/Gabus - Iki sambungane yo lur saka sing 1 wingi. Setelah mudeng karakter iwak Kutug/gabus kudu dingerteni juga wektu sing pas. Iki juga ora isa di padhak e 1 lan 1 ne. ono sing mangane wektu esuk ono awan lan sore. Mulo soko kui amrih apik e kudu takon karo AKAMSI ( Anak Kampung Sini) sekitaran kunu. Iki penting dalam rangka nyerang iwak kutug kui mau. Dadi kudu ngerti kebiasaane akamsi akamsi kui cara mincing e. ora masalah ketika nekani spot pertama kok ketok apik tapi hasil e sedino ming boncos. Iku amargo : durung ngerti kebiasaane iwak kutug daerah kunu, tipe umpan sing pas, wektu kapan iwak mangan. Mulo amrih apik e kudu golek sisik melik spot kui, ngumpulke data intelijen ( koyo pulisi ), soko telik sandi ( jaman mojo pahit). Kabeh iku ming gunane dingo MEMINIMALISASI boncos.

Dadi ketika wis nglumpuk kabeh data ne, lagi di persiapke langkah strategi dalam rangka nyerang/ nggowo molih Iwak Kutug kuwi. Umpan ( kudu beberapa jenis) , joran lan pancing e ojo sampe ono sing keri, peralatan pendukung. Peralatan pendukung iki penting koyoto sepatu, topi, bekal logistic sing boso gunung e ki panganan nggo sangu untjall. Dadi ojo sampe klingsir no spot opo malah parah parah e semaput ra ono sing nulungi = ciloko mencit.

Peralatan pendung koyo sepatu, ora wajib ning diusahak e mergo ketika blusukan no spot gabus iku spot e rodok rodok horror koyoto akeh kewan reptile : ula, klabang, kaki sewu dll. Nahhh dinggo njagani kui amrih apik e nganggo sepatu sing soko karet. Tak rekomendasiken All Bike sepatune ono sing cendhek ono sing dowo. Penak dingo blusukan no rowo rowo.

Cara Mudah Belajar Casting Ikan Gabus Kutuk

Contoh Spot Ikan Gabus Kutuk Di Sungai

Lokasi-Spot-Memancing-Ikan-Gabus-Kutuk


Ora kalah penting yoiku nek untjall iwak Kutug, posisi kudu meneng anteng ojo kakehan obah obah lan crewet karo koncone lur. Iki penting !!! masalahe iwak Kutug walaupun predikat e predator nanging yen ngerti bayangan wong obah, kemungkinan iwak Kutug kuwi minggat, nek wis minggat ngunu kui ciloko mencit ora bakal gelem di pancing. Amargo wedi lan panic iwak e. dadi nek untjall Kutug kui diusahake koyo sniper kae lho lur, ming meneng ora kakean gerak. 

Casting iwak Kutug kudu butuh kesabaran tingkat lanjut, nek ora nduwe bakat sabar ojo untjall iwak Kutug kui. Mergo sak spot nek dicasting ping 1-5 , Kutug during tentu gelem nyamber. Kutug iku nyamber umpan ugo BELUMTENTU LAPAR, iso ugo mergo daerah e keganggu dadi umpan iku langsung disamber makkk Mberrr ngunu.Wis cukup sak mene sik yo lur

Sumber : Grub FB MMJ

0 Response to "Tips Dan Trik Memancing Casting Iwak Kutug/Gabus"

Post a Comment