google.com, pub-4169750801100201, DIRECT, f08c47fec0942fa0
Contoh Teks Pidato Atur Pasrah Temanten Bahasa Jawa Kromo Halus Yang Baik | MUDA MUDI CONDROWANGSAN

Contoh Teks Pidato Atur Pasrah Temanten Bahasa Jawa Kromo Halus Yang Baik

​Contoh Teks Pidato Atur Pasrah Temanten Bahasa Jawa Kromo Halus Yang Baik - Halo sobatku semuanya lama banget nih tidak memposting artikel tentang contoh mc bahasa jawa ataupun pidato bahasa jawa kromo halus yang baik dan benar. Dalam kesempatan kali ini saya akan memberikan sebuah contoh teks atur pasrah temanten dalam bahasa jawa kromo inggil yang baik dan benar nih untuk sobatku semuanya yang sedang mencari beberapa refrensi untuk teks atur pasrah manten atau dalam bahasa indonesianya contoh naskah pengantin. Tidak usah lama lama lamgsung saja simak Contoh Teks Pidato Atur Pasrah Temanten Bahasa Jawa Kromo Halus Yang Baik dibawah ini sob dan semoga saja dapat bermanfaat : 


Assalamu'allaikum Wr Wb.


     Dhumateng panjenenganipun Bapa.....(nama yang memasrahkan) ingkang piniji angemban wuwus minangka duta saking panjenenganipun Bapa/ibu..(besan) ingkang pantes sinuba sekaring pakurmatan. Kula ing  ngriki minangka sulih sarira, talanging atur saking pamangku gati nun inggih Bapa/ibu..(nama tuan rumah)sarimbit keparenga matur, kaping sepisan. "Ngaturaken pambagya Sugeng Rawuh saha nderek memuji syukur wonten Gusti Allah Ingkang Maha Mirah, awit karawuhan panjenengan sedaya saking laladan..(desa asal besan)..  Dumugi tlatah ngriki tansah pinayungan rahmating Gusti satemah saget manggih Rahayu samudayanipun.


     Ewondene atur salam taklimipun Bp (besan) sampun katampi kanthi suka gumbiraning manah, kosokwangsulipun dawah sami-sami atur salam taklimipun  Bp (Tuan rumah) ugi katur dhumateng  Bp/ibu (besan) sekalian.


       Ingkang saklajengipun, panjenengan kalawau nglarapaken sekar cepaka mulya sasele nun inggih pasrahipun putra calon penganten kakung katampi  kanthi suka gumbiraning manah, Menawi kenging kawedhar ingkang kathah, kadi kajugrukan wukir sari kablebeging samodra madu. Ing saklajengipun, hambok bileh sampun dumugi titiwanci tumapaking gati tumunten badhe kapanggihaken kalian Nimas ayu..(nama calon pegantin putri)..miturut satataning agami saha adat widhi widana ingkang taksih lumampah wonten ing tlatah ngriki.

  Dumateng Bapa..(nama yang pasrah)..dalah pangaraking putra calon temanten kakung, sasampunipun putra calon temanten kakung kapanggihaken, panjenengan sedaya kula suwun pinarak wonten palenggahan ingkang sampun sumadya kanthi mardu mardikaning penggalih dumugi saparipurnaning adicara, saperlu hangestreni tuwin atur puji pangestu mugi-mugi anggenipun temanten badhe mangun brayat anyar wonten madyaning bebrayan agung tansah manggih bagya mulya, rahayu ingkang tinuju, basuki ingkang kaesthi , miwah gagah ingkang jinangkah.


       Puput pepontaning atur, menawi wonten kuciwaning boja krami anggenipun Bapa ..(yang punya hajat) sarimbit ngacarani menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi panjenengan sedaya keparenga atur gunging samudra pangaksami. Semanten ugi, kula minangka talanging atur, hambok bileh wonten kiranging subasita ingkang singlar ing rehtata krama. Kupat janure klapa, menawi lepat nyuwun pangapura.


    Wassalamuallaikum wr wb


Baca Juga : Contoh Teks MC Pernikahan Manten Bahasa Jawa Krama


semoga dengan postingan diatas yang berjudul Contoh Teks Pidato Atur Pasrah Temanten Bahasa Jawa Kromo Halus Yang Baik dapat bermanfaat ya bosku, dan jangan lupa untuk share buat temannya yang membutuhkan artikel ini. terima kasih

0 Response to "Contoh Teks Pidato Atur Pasrah Temanten Bahasa Jawa Kromo Halus Yang Baik"

Post a Comment