Teks MC Singkat Hadicoro Pepanggihan Dengan Bahasa Jawa
Wonten
ngarsanipun poro sesepuh pini sepuh ingkang pantes kinabekten.
Poro bpk lan
poro sederek ingkang kulo hormati, nuwun mbok bilih sampun ndungkap ndalu. Pramila
monggo hadicoro pepanggihan wonten ing dalu punika tumunten kawiwitan.
Namung sak
derengipun monggo kito sareng2 muji syukur wonten ing ngarso dalem Allah SWT ,
Ingkang sampun paring rahmat lan hidayah dumateng kito sedoyo, sholawat sarto
salam mugi2 tansah katetepno dateng nabi Muhammad Saw ingkang kito antu2
syafaatipun wonten ing yaumul qiamah.
Poro bpk lan
poro sederek sedoyo kebareng kulo waosaken menggah susunan acara ingkang bade
kito lampai :
1. Pambuka
2. Sambutan
Saking Tuan Rumah (Ketua kelompok rondo malam....)
3. Pinuwunan/amalan
kasuwunaken dumateng bpk...
4. Pembukuan
5. Lain2
(Wekdal kito aturaken ketua Paguyuban)
6. Panutup
Monggo pepanggihan
ing dalu punika kito bikak kathi waosan basmalah...
Acara sak
lajengipun sambutan saking tuan rumah (Ketua Kelompok Ronda Malam...)
Poro bpk Lan
sederek sedoyo, Acara sak lajengipun amalan milo wekdal Kasumanggaaken dumateng
bpk....
Acara sak
lajengipun Pembukuan wekdal kasumanggaaken dumateng ing kang tinanggenah.
Poro bpk lan
sederek sedoyo ingkang kulo hormati, minangkani atur pamundutipun ingkang
kagungan dalem kito kacaosan unjukan soho daharan menopo kawontenanipun saking
kersanipun katuran dahar soho ngunjuk ingkang prayogi, amrih barokah wonten
badan kito sedoyo pramilo kito langkung rumiyen doa sesarengan.
Acara sak
lajengipun lain2 namung sakderengipun wekdal kito aturaken dateng ketua
paguyupan.
Acara sak
lajengipun penutup.
Milo monggo
pepanggian ing dalu puniko kito syukuri kanthi waosan hamdalah.
Lan saking
kulo ambok bilih anggen kulo nderek aken adicoro ing dalu punika katha klenta
klentu kulo nyuwun agunging pangapunten.
Kulo akhiri Wassalamuaalaikum
wr, wb
Semoga dengan postingan ini yang berjudul Teks MC Singkat Hadicoro Pepanggihan Dengan Bahasa Jawa dapat bermanfaat untuk sobatku semuanya yang sedang mencari beberapa refrensi dalam pembuatan teks singkat pembawa acara/MC bahasa jawa. Dan jangan lupa di share ya.
0 Response to "Teks MC Singkat Hadicoro Pepanggihan Dengan Bahasa Jawa "
Post a Comment