google.com, pub-4169750801100201, DIRECT, f08c47fec0942fa0
Contoh Pidato Bahasa Jawa Lengkap Dengan Pengertiannya | MUDA MUDI CONDROWANGSAN

Contoh Pidato Bahasa Jawa Lengkap Dengan Pengertiannya

Contoh Pidato Bahasa Jawa Lengkap Dengan Pengertiannya - Pada kesempatan kali ini saya akan membahas tentang contoh pidato bahasa jawa yang bisa sobat semua menjadikan sebuah refrensi dalam pembuatan pidato yang sesungguhnya, dan juga dengan pengertian pidato dalam bahasa jawa yang harus sobat pahami dan terapkan dalam pembuatan contoh pidato yang sesungguhnya.

Langsung saja simak Contoh Pidato Bahasa Jawa Lengkap Dan Pengertiannya dibawah ini :

Contoh Pidato Bahasa Jawa Lengkap Dengan Pengertiannya

Pengertian Pidato Dalam Bahasa Jawa

A. Tegese pidhato

Pidhato yaiku omongan/ucapan kang ditata kanthi apik lan disampekake marang wong liya. Pidhato minangka salah sawijine ketrampilan lisan kanggo ngungkapake isine pikiran, perasaan, gagasan, warta lan liya-liyane.

B. Tujuan Pidhato

Pidhato umume duweni tujuan kaya ing ngisor kasebat :
1.Nyedhiyani informasi, yaiku nyedhiyani pangerten informasi kanggon pamireng / pamiyarsa.
2.Persuasif / ngajak, yaiku mengaruhi pamireng/pamiyarsa kanggo nindakake saran utawa propaganda pidhato ditulis dening penulis pidhato.
3. Hiburan utawa rekreasi, yaiku ndadekake wong liya seneng karo pidhato, saingga bisa ndadekake pidhato kang di sampeake bisa marem.

C. Jenis-jenis Pidato Adhedhasar
  • Pidhato pembukaan, yaiku pidhato ringkes kang disampekake pembawa acara utama MC.
  • Pidhato pengarahan, yaiku pidhato kanggo ngarahake sawijine kagiyatan.
  • Pidhato sambutan, yaiku pidhato kang disampekake ing sawijine adicara tartamtu, kanthi wektu kang mung sadhela, amarga sing menehi sambutan ora mung wong siji.
  • Pidhato peresmian, yaiku pidhato kang dilakokake dining wong kang dueni pangaribowo kanggo ngresmekake samu barang.
  • Pidhato laporan, yaiku pidhato kang isine ngelaporake sawijining tugas utowo kegiatan.
  • Pidhato pertanggung jawaban, yaiku pidhato kang isine sawijine laporan pertanggung jawaban tugas utama/kagiyatan.
  • Ngucapake salam pambuka lan salam pirsawan;
  • Nyampeake pambuka biasane disampeake kanggo ngucapake matur nuwun, utawa ekpresi saka kasenengan, utawa sukur;
  • Nyampeake isi pidhato sing pocapan ing basa Jawa iku apik lan bener lan nggunakake gaya basa menarik;
  • Nyampeake kesimpulan saka isi wicara supaya gampang eling dening pirsawan;
  • Nyampeake pangarep-arep sing ngandhut saran utawa uleman menyang pirsawan kanggo ngleksanakake isi wicara; lan
  • Nutup Salam


Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Lingkungan

Assalammu’alaikum Wr. Wb. 
Para bapak, para ibu guru ingkang dahat kinurmatan lan rencang-rencang ingkang kawula tresnani. Langkung rumiyin sumangga sesarengan ngujukaken puji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang sampun paring rahmat lan hidayah, saengga kita saged makempal ing mriki. Ing dinten punika kawula badhe ngaturaken sesorah babagan “Njagi Lingkungan Sekolah”.

Rencang-rencang, mengertoso yen lingkungan punika papan gesang kagem sedaya titah gesang. Mila saking punika, kita kedhah njagi lestari lingkungan kita supados kita saged gesang kanthi tentrem. Salah satunggalipun cara njagi lestari lingkungan inggih punika karesikan, njagi karesikan lingkungan saged diwiwiti saking perkawis-perkawis ingkang alit. Ananging katinggal awrat sanget dipun lampahi. Umpaminipun mbucal runtah ing panggenanipun. Sak punika kesadaran kagem njagi karesikan ing lingkungan kita minangka murid taksih kirang sanget. 

Dipun tingali saking lingkungan sekolah kita ingkang taksih wonten runtah-runtah ingkang sumebar, duka punika runtah plastik daharan lan plastik unjukan utawi kertas. Kamangka panggenan runtah ingkang dipun cawisaken sekolah sampun nyekapi. Ing saben-saben pojok sekolah wonten panggenan runtah. Nanging mboten wonten panggenanipun saking kita kangge mbucal runtah wonten panggenanipun minagka wujud njagi karesikan lingkungan sekolah kita. 

Kejawi mbucal runtah ing panggenanipun, kita ugi saged nglampahi piket kelas minangka lelaku njagi kareksikan. Mekaten sesorah ingkang saged kawula haturaken. Nyuwun pangapunten menawi wonten klenta-klentu nipun atur kawula. Saking kawigatosanipun kawula ngaturaken matur sembah nuwun. 

Wassalammu’alaikum Wr. Wb. 

Baca Juga : Contoh Naskah Pidato Bahasa Jawa Tema Perpisahan Sekolah

Semoga dengan postingan diatas yang berjudul Contoh Pidato Bahasa Jawa Lengkap Dengan Pengertiannya dapat bermanfaat untuk sobatku semuanya. Dan jangan lupa untuk selalu berkunjung diblog ini karena setiap harinya akan selalu update artikel yang lebih menarik lagi.

1 Response to "Contoh Pidato Bahasa Jawa Lengkap Dengan Pengertiannya"