google.com, pub-4169750801100201, DIRECT, f08c47fec0942fa0
Naskah Drama Bahasa Jawa 10 Orang Kamit Sandiwara Basa Jawi | MUDA MUDI CONDROWANGSAN

Naskah Drama Bahasa Jawa 10 Orang Kamit Sandiwara Basa Jawi

Naskah Drama Bahasa Jawa 10 Orang Kamit Sandiwara Basa Jawi 
KAMIT
Sandiwara Basa Jawi
Dening: Gusmel Riyadh


“perkara nyumbang wis owah dadi utang piutang….”

Naskah Drama Bahasa Jawa 10 Orang Kamit Sandiwara Basa Jawi



PERHATIAN!
Bila Anda akan  mementaskan naskah ini mohon untuk menghubungi penulis naskah untuk sekedar pemberitahuan.
Penulis: Gusmel Riyadh
HP: 085647590085




Dapukan
  1. Kamit : Tukang batu, umure udakara 35 tahun
  2. Suli : Bojone Kamit, umure udakara
  3. Mbah Jebrak : Wong iki iso lanang iso wadon, umure wis ngancik 60an
  4. Pardi : Tukang ngarit, umure 25 tahun
  5. Ginah : wong wadon Umure 22 tahun
  6. Pak Bayan : kaya umume bayan liyane
  7. Kedut : bocah ora waras
  8. Sari : anake Kamit, kelas 1 SMP
  9. Leginu : Tukang gawe kandang, umure 25 tahun
  10. Tukang Kredit : wong wadon umure 25 tahun



BAGIAN 1
Ing tengah panggung arupa omahe kamit, jejer omahe mbah jebrak lan kios manuk’e leginu.. Ing sisih tengen ugA perangan wingking omah sing ana kandhang wedhuse. MENAWA Ing sisih kiwO ana dalan kampung lan papringan.

SANDIWARA IKI KAWIWITAN SUARA TEMBANG LANANG WADON, KAIRING SUARA MUSIK SING KEPENAK. SOK BANTER SOK ALON.
KOOR:
SING KOOR ISA LANANG-WADON GENTI GENTEN, SING WADON KENES, KEMAYU..

E, DHAYOHE TEKA
E, JERENGNA KLASA
E, KLASANE BEDAH
E, TAMBALEN JADAH
E, JADAHE MAMBU
E, PAKAKNA ASU
E, ASUNE MATI
E, KELEKNA KALI
E, KALINE BANJIR
E, CENTELNA PINGGIR
HAHAHAHAHA….

WAYAH ESUK
SAKTENGAHE SUARA KOOR SING MUNGGAH MEDUN, NDADAK TEKA KEDUT, KARO BENGOK-BENGOK..

KEDUT
Mbah! Mbah Jebraaaaak…!
Mbah! Mbah Jebraaaaak…!

MBAH JEBRAK SING LAGI NGGAWA KAYU SAKA NJERO MGOMAH METU KARO KAGET.

KEDUT
Mbah…!

MBAH JEBRAK
Ngapa, ana apa?

KEDUT
Wedhusmu mbah! Wedhusmu..!

MBAH JEBRAK
Heh, Wedhusku kena apa? (Kaget, tiba, kayune morak-marik).

KEDUT
Mbah! Wedhusmu!

MBAH JEBRAK
Piye, Le, piye? Wedhusku piye? (Ngewel, banget kawatir marang wedhuse)

KEDUT
Wedhusmu ora papa Mbah. Isih ana kandang! Sehat… Hahaha… (Njoget-njoget, karo ninggalke Mbah Jebrak, karo ngece-ngece, orang rumangsa salah).

MBAH JEBRAK
O… Wedhus!

WAYAH BENGI
NENG NGAREP OMAHE MBAH JEBRAK. MBAH JEBRAK LAGI JAGONGAN KARO KAMIT. WONG LORO, TUWA ANOM, KATON RUKUN, IBUT NGLINTHING MBAKO LAN WUR.

KAMIT
Wedhus Mbah. Aku ki wis kawit mbiyen pengin ngingu wedhus.

MBAH JEBRAK
Halah, apa kowe isa ngopeni?

KAMIT
Nek mung ngopeni’e gampang Mbah. Angger dipakani suket lakya urip tho Mbah. Sing aku gak isa ki olehe tuku Mbah. Ora ana duit sing tak nggo tuku je..

MBAH JEBRAK
Ora usah kawatir Mit, suk nek wedhusku manak, tak wenehi cempe’ne. Bayaren murah-murahan wae..

KAMIT
Wah, gelem Mbah, gelem aku. Wis meteng tho Mbah?

MBAH JEBRAK
Kawin we durung… Heh..heh..heh..

KAMIT
Ealah… Njaluk ududmu neknu.. (Karo nyaut udude Mbah Jebrak).
Pak Darmo olehe mantu kapan tho Mbah?

MBAH JEBRAK
Nek ora kleru suk Setu malem Minggu tho Mit. Lha ngapa?

KAMIT
Ora papa Mbah. Mung ngelu olehe mbalekne sumbangan.

MBAH JEBRAK
Heh..heh…heh… Bab nyumbang tho Mit. Ora usah digawe mumet Mit. Kaya aku iki lho. Ana ya nyumbang, nek ora ana ya uwis..

KAMIT MLAKU METU SAKA PEKARANGANE MBAH JEBRAK. MANDEG NENG NGARPE OMAHE. GOJEKAN PAGER. KARO NYAWANG OMAHE.

KAMIT
Nyawang omah iki, dadi kelingan pas cilikanku mbah. Bapak Simbok mung magersari, sakwayah-wayah neng dikon lunga, ya kudu lunga. Beja aku, isih nuku lemahe Lik Sukidi, sanajan mung sekilan paribasane, duite ya duit utangan, isa tak nggo gawe gubuk iki.
KAMIT ISIH NYAWANG OMAHE, MBAH JEBRAK WIS KLEBAS-KLEBUS UDUD.

KAMIT
Omah kuwi, sanajan kaya ngapa bentuke tetep dadi jujugan. Paribasan manuk mabur, wayah sore mesthi balik njujug susuh. Manungsa ya ngono kuwi mbah, esuk lunga, golek butuh dhewe-dhewe. Ana sing kerja, ana sing sekolah, ana sing butuh ketemu kanca, butuh ketemu dulur. Ananging nek wancine, mesthi dho bali. Njujug omah. Nyelehne awak, ngedemke pikir. Leren. Kabeh ketemu neng omah. Kudune nek wis tekan omah, pikiran dadi ayem, tenang, kepenak. Kuwi nek lumrahe omah mbah! Nanging omah iki kok ora. Angger mlebu ngomah, pikiran malah dadi bludreg, rasane mung pengin nesu. Uteg malah dadi umub. Panas..

MBAH JEBRAK
Lha mlebu ngomahku apa piye?

KAMIT
Aku lagi mikir mbah. Tentreming urip kuwi dumunung ana neng ngendi mbah?

MBAH JEBRAK
Lha ya embuh.

KAMIT
Apa merga banda pikiran dadi tentrem mbah?
Apa merga bojo ayu ati dadi seneng mbah?
Apa merga jabatan rasa dadi ayem?

MBAH JEBRAK
Lha nek kowe nyawang aku piye Mit?

KAMIT NYEDHAK MBAH JEBRAK

KAMIT
Sampeyan kepenak mbah. Ora ana sing dipikir, ora ana sing digagas. Urip ijen, ora ana beban!

MBAH JEBRAK
Heh…heh…heh… Lha apa ijol. Kowe manggon kene, aku tak neng kono?
Mit, umurku wis meh 70 tahun. Pait legine kahanan, aku wis tau ngrasakne Le. Paribasan telung ndina telung mbengi ora mangan ora turu, aku ya tau nglakoni. Nanging kowe ya ora ngerti tho, nek aku ya tau  nduwe banda sing dipangan pitung turunan ora bakal entek?

KAMIT
Hah! Tenane mbah? Lha endi?

MBAH JEBRAK
Heh.. heh… heh…
Kabeh tak tinggalke Mit. Kabeh kuwi ora isa gawe tentreming ati. Tentreming ati kuwi ana neng kene Le.. neng ati. Banda, wanita, pangkat, jabatan kuwi mung titipan. Paribasan kesenengan sing semu.

KAMIT
Lha ning uripku kok ora tentrem mbah? Sing salah sapa mbah?

MBAH JEBRAK
Ora perlu nyalahke sapa-sapa Le. Urip kuwi lelakon. Lelakone manungsa kuwi wis ana sing ngatur. Nek manungsa isa nampa apa sing dadi lelakone, uripe bakal isa tentrem.

KAMIT
Lha aku kok ora isa nampa Mbah?

MBAH KAMIT
Durung Lhe. Merga kowe durung isa nampa kahanan uripmu.

KAMIT
Lha genah ora isa nampa Mbah! Sapa wonge sing isa nampa kahanan kaya ngene!



NALIKA LAMPU MURUP, PANGGUNG NANDHAKE WANCI ESUK, WAYAHE WONG MANGKAT NYAMBUT GAWE. NALIKA KUWI LEGINU WIS MAGROK  NENG KIOS MANUKE. IBUT GAWE KANDANG MANUK. SULI, BOJONE KAMIT WIS MOLAK-MALIK MBUKAKI BUKU CATHETAN WONG NYUMBANG LAN MBOK JEBRAK LAGI MAKANI WEDHUS.

DUMADAKAN JEDHUL PARDI SOKO SISIH KIWO PANGGUNG SING WIS DANDAN MLIPIT SAJAK AREP GLIDIG KANTORAN. PARDI KATON KAYA POLISI NGINDHIK MALING, POLAHE BLINGSATAN LAN NGERTI-NGERTI MLEBU ANA ING KOLAHE KAMIT. SARI BOCAH WADON ANAKE KAMIT SING DURUNG RAMPUNG ADUS SAKNALIKA BENGOK-BENGOK. MBALANG CIDHUK KENA SIRAHE PARDI

SULI AREP MUNI-MUNI NANGING WIS KEBACUT PARDI NUGEL KANDHANE.

PARDI
Ngkosik! Ojo muni sik! Mengko wae yen urusanku wis rampung, munio sak karepmu. Iki urusan ndonya akherat. (PARDI BANJUR MINDHIK-MINDHIK MANEH)

MBAH JEBRAK
Anyak dines, Di?

PARDI
Hus, pitakonmu kok simpen dhisik wae! Opo ora weruh aku lagi ngoyak maling?

SARI
(JEDHUL SIRAHE) Halah…! Maling opo…

PARDI
(NAPUK NGANGGO TAS) Ora guyon sik, iki kahanane gawat!

ORA LET SUWE, SAKA PANGGUNG BAGIAN MBURI NURUT KARO DALAN KAMPUNG KATON GINAH MLAKU MEGAL-MEGOL. RASANE ATINE PARDI SAMSOYO ORA UMUM. SOLAH TINGKAHE MANGKELAKE WONG SING NONTON.

BARENG TEKAN CEDHAK…

GINAH
Monggo, Mbah Jebrak..

MBAH JEBRAK
Monggo, mbak guru..

GINAH
Monggo,. Bu Kamit

SULI
(JUDHES) Monggo.
(GINAH AMUNG MESEM MARANG PARDI)

GINAH METU.

PARDI
Wedyan..!! esemane mbakyu. Walah…

SULI
Walah ngrusak ndonya akheratmu?

PARDI
Tenan yen iki.

SARI
Lha kuwi genah mbak Guru Ginah no leh? Jare maling?

PARDI
Maling atiku, cah ayu.

KABEH
Huuuuu…

PARDI
Ngkosik, aku arep ngencengke perkoro. Mbak Ginah mau dudu Guru lho, Mbah, ojo kleru.

(PARDI CUCUL KLAMBI KANTORAN)

MBAH JEBRAK
Lha yen dudu guru ki opo? Penyanyi nangnut?
Menthunthung sigrak tengah…..aaahhh,

SARI
Kuwi dangdut, Mbah!

SULI
Genah wis chetho ketok mata, gaweane Ginah kuwi opo.

PARDI
Sampeyan ojo gawe perkoro lho, Yu!


SULI
Lha genah adol ‘monggo’ no leh.

PARDI
Monggo piye?

SULI
Lha kuwi, saben liwat nawake monggo. Monggo, Bu kamit. Monggo Mbok Dhe Jebrak.

KABEH NGGUYU

SULI
Yen mlaku digawe-gawe, gol megal megol.

SARI
Sayake katutan monggo yak’e, Mak. Hahaha

PARDI
Sreiiii! Wong ki yen jalaran srei yo pancen koyo ngono kuwi! Apa-apa digunem ala.
Wis, aku arep mergawe dhisik.

SARI
Kok macak bagus temen ki arep nengdi, Lik?

SULI
Arep genti dines, Nduk, aliyan nggon sing diindhik.

MBAH JEBRAK
Lha yen macakmu koyo ngono kuwi sing mbok indhik njur sopo, Di?

KABEH NGGUYU MANEH. PARDI AMUNG MLENGOS

LEGINU
Kang, ojo lali, yen ngarit njur ketemu cacing gedhe-gedhe kui genah bagianku, ojo dibabati.

PARDI
Ora, Nu. Ora bakal tak babati, nanging cacingmu iku sing bakal tak babat ludes.

PARDI JENGGIRAT NGLUNGANI. SING LIYANE ISIH PODO NGGUYU.

LEGINU
Lenguuusssss!!!

MBOK JEBRAK MLEBU NGOMAH. SULI MBACUTAKE NGGOLEKI CATETAN JENENG WONG NJAGONG. SARI BUDAL SEKOLAH.

SARI
Mak, budal riyin. Ayo, lik melu ora?

LEGINU
Mbesuk yen makmu sing dadi guru, aku lagi gelem melu.

SARI MANGKAT SEKOLAH. MBAH JEBRAK MLEBU NGOMAH.
LAMPU MATI.

BAGIAN 2
LAMPU MURUP. WANCI SORE. WAYAHE WONG MULIH NYAMBUT GAWE. LEGINU GAWE KANDANG MANUK. SULI UGA ISIH NGGOLEKI JENENG.

KAMIT MULIH SAKA OLEHE NYAMBUT GAWE. WIS PANCEN SABEN DINANE  YEN NALIKA KAMIT MULIH NYAWANG WONG LORO IKU KAYA WONG SING WIS KADUNYAN. ORA NGERTI ABOT REPOTE WONG GOLEK SANDHANG PANGAN.

SULI REKA-REKA ORA NGERTI MENAWA. KAMIT TEKA. ORA NGREWES. KAMIT AMUNG NGELUS DADA SINAMBI NGELA AMBEGAN.

KAMIT MBELU NGOMAH CUCUL BUSANA. KARO SEDELA-DELA NYAWANG SULI SAKA JENDELA.

KAMIT BANJUR GAWA METU EMBER GEDHE SING ISINE PAKAIAN. DIGAWA MLEBU MENYANG KOLAH.
MLEBU NGOMAH MANEH. METU GAWA PAKAIAN MANEH.
MBAH JEBRAK METU NGOMAH, JUPUK KAYU.

KAMIT
Sari opo durung mulih ta, Mbah?

MBAH JEBRAK
Mau kayane uwis ki, Mit. Jare kandha arep lungo menyang nggone kancane ngono. Horok mbok coba takon bojomu to, Le. Genah, bojomu ya ana!

KAMIT
Ora takon karo wong bisu Mbah!

KAMIT MLEBU NGOMAH MANEH, METU GAWA RINSO.
LAN SAKPITURUTE SINAMBI NYAMPAR APA SING BISA DISAMPAR.
ATINE MANGKEL.

SULI MAKJENGGIRAT MLEBU NGOMAH, BANJUR METU LUNGA.

MBAH JEBRAK MLEBU PEKARANGANE KAMIT.

MBAH JEBRAK
Sing sabar ya, Le. Sing kuat atimu.

KAMIT
Kurang sepiro olehku sabar ta, Mbah?

MBAH JEBRAK
Pancen yo ngana kuwi yen wong wadon sing kebacut. Bacut kulina nyandhang apik, bacut kulina mangan enak, bacut wor-woran karo wong-wong sing duwe donya…

KAMIT
…nanging ora nyawang kahanane kaluwargane dewe. Bisa mangan opo ora, bisa nyandhang opo ora.
Sing tak getuni ki jane yo mung siji mbok, iki lho (NUDING AMPLOP).
Kene sing direwangi rekasa, esuk nganti sore pencilakan tekan ngendi-endi, golek upa sak gecil. Paribasan sikil kanggo sirah, sirah kanggo sikil, lha kok, ealah.. entek-entekane yo mung diguwang nggo nyumbang.

MBAH JEBRAK
Yen nggo nyumbang ki jenenge lak yo ora diguwang ta, Mit?

KAMIT
Kuwi yen sing disumbang wong sing pantes disumbang. Wong sing bener-bener mbutuhake sumbangan. Wong rekasa, wong kesusahan. Lha, iki?
Iki wong keduwitan kabeh, Mbah, tur dudu wong lagi nandhang susah. Iki wong seneng.

MBAH JEBRAK
Seneng piye?

KAMIT
Lha yen wong duwe kajab nikahake anak, syukuran, kuwi apa ora wong lagi seneng jenenge?
Nyumbang kuwi lak tegese bantu ta mbok? Jenenge wong bantu kuwi mestine duwe samubarang sing turah, mbuh kuwi awujud duit, wektu utawa tenaga. Tur meneh sing disumbang kuwi lumrahe wong sing lagi kesusahan lan mbutuhake sumbangan. Nanging upama wong seneng disumbang, yen sing nyumbang kuwi turah bandha, yo karepmu.

MBAH JEBRAK.
Hus, ojo ngono kuwi. Wong nyumbang ki kudu lumantaran rasa iklhas lho.

KAMIT
Nah, kuwi! Kuwi sing tak gumunake. Jenenge wong niat syukuran kuwi mesti wis niat ikhlas bakal metu bandha. Tegese kuwi mampu. Mula kudune yo syukuran sak mampune. Nanging kenapa kok wong-wong meksa duwe gawe sing ngungkuli kemampuane?

MBAH JEBRAK
Sing kepiye kuwi?

KAMIT
Lha yo kuwi, paribasane gur duwe duit rong yuto nanging meksa nanggap dangdut saka adoh kono. Komplit sak penyanyine sing senenge nganggo klambi mlethek-mlethek.
Yen wis ngono njur bandhane saka ngendi?

MBAH JEBRAK
Sumbangan…

KAMIT
Lha yo njagakake sumbangan to? Lha ngono kuwi apa ra malah ngrekasake liyan?

MBAH JEBRAK
Rekasa piye?

KAMIT
Yo, rekasa sing kudu nyumbang.

LEGINU
Lha ya sapa sing ngudokake?

KAMIT
Lha yen ora nyumbang opo ora dirasani, digunem, diwales ra disumbang? Iki sing gawe sengsara. Perkara nyumbang malah owah dadi utang pinutang.

MBAH JEBRAK
Kuwi lak wis dadi adat to, Le, wis tradisi.

KAMIT
Adat yen nekak gulu opo yo becik dibacutake? Sing penak tambah penak, sing rekasa soyo sengsara.
Contone yo koyo awake dewe iki. Wong raduwe-duwe tenan nanging kepeksa nyumbang merga wis tau disumbang. Direwangi utang kono utang kene gur arep kanggo mbalekake olehe nyumbang. Kamangka sing duwe gawe cetha sugih mblegedhu.

LEGINU
Nah, ngono kuwi jenenge nguyuhi segara, lha yo to, Kang?

MBAH JEBRAK
Nguyahi! Nguyuhi lambemu kuwi.

KAMIT
Adat mbiyen ki dak kira ora nganti kaya ngene iki. Mbiyen ananing nyumbang kuwi kanggo nglestarekake upacara adat tradisi ben ora mandeg. Nanging upacarane kang sak lumrahe. Ora nganggo sing-sing tetek bengek kaya jaman saiki.
Mbiyen upacara penganten nganggo slametan, tangga teparo podo urun beras yen duwene beras, jagung yen duwene jagung. Kuwi yo sak pawihe, sak kuate. Upacarane ringkes miturut kemampuane sing duwe gawe, ora perlu ngoyoworo. Lha saiki yen ra nganggo bukak sithik jos jare ora gayeng.

LEGINU
Yo genah to kang, wong duwe gawe yo kudu gayeng.

KAMIT
Kowe yo melu udu?

LEGINU
Aku urun joged wae. Mergane yen ora eneng sing njoged yo meksa ra gayeng.

KAMIT
Ngono kuwi jenenge melu keplok ora tombok.

LEGINU AREP MULIH

MBAH JEBRAK
Dingaren temen, Nu. Yah mene gage le arep mulih.

LEGINU
Arep nguyuhi segara sik ...

LEGINU LUNGO.
PARDI MULIH SAKA NGARIT, KEDUT NUTUTI.

KEDUT
Hayo, kowe mesti telik sandine wong londo. Yen ora kenopo kowe dlusap dlusup neng galengane Mbah Marto? Mesti kowe arep melu mateni Mbah Marto. Kongkonane londho yo kowe.

PARDI
Janji ra minggat saka kene, tak sikat untumu!

KEDUT
Lik, lik Kamit, iki aku nyekel telik sandine londho. Deweke duwe senjata api. Uireng!
Mau nggo nembaki wit lomboke Mbah Marto. Mesti mau wis nyebar racun. Ben Mbah Marto mati.

PARDI
Kowe tak racuni kene sisan piye?

KEDUT
Tiarap! Kabeh tiarap, pistole arep metu meneh!
Tulung! Tulung!
Mbah Bayan! Tulung! Ono mungsuh tekan kene!

PARDI
Minggat ora?!

KEDUT
Titenono len.. Tak kandhake Sailermun. Dengan kekuatan bulan akan menghukummu!

KEDUT LUNGO.
PARDI MLEBU KOLAHE KAMIT. METU MANEH TRUS BALI NDADAN MLIPIT NGANGGO KLAMBI KANTORAN.

MBAH JEBRAK
Haiyah, priyayine sajak wis siap ngadhang widadari…
Mbok pisan-pisan diruh-ruhi ngono to, Di. Seprono seprene wanine kok gur mesam-mesem wae, kapan tekan tembunge jal.

PARDI
Ha yo kareping ati yo ngono to, Mbah. Nanging cangkeme iki sing durung tekan.

KAMIT
Lha opo tak silihi cangkemku piye?

PARDI
Ojo! Wegah! Cangkemu amis.

KAMIT AREP MBALANG, NANGING DISTOP PARDI.

PARDI
Ngkosik! Kae gal owes mudun widadarine.

MBAH JEBRAK
Tenan, Di. Yen saiki kowe wani ngeruh-ruhi kowe entuk mangan sego tumpang neng nggonku.

PARDI
Tenan, Mbah?

MBAH JEBRAK
Tenin!

KABEH MELU NYAWANG GINAH SING MLAKU SAKA KADOHAN. PARDI ANCANG-ANCANG AREP NGERUH-RUHI GINAH.
DUMADAKAN MBUH SAKA NGENDI PARANE KEDUT NJEDUL NENG CEDHAK BAGOR ISI SUKET OLEHE SING NGARIT PARDI.

KEDUT
Ganja iki mesti! Tenan, iki ganja. Arep dicemplungke nang sumurmu, Lik Kamit!
Ben kabeh sing ngombe banyu sumurmu dadi mendem trus modar sedanten. Iki pengkhianat negoro.. Sailermuuuuuuuun!!!

MLAYU LUNGO, DIOYAK PARDI

PARDI
Wooo lha cempeeee!! Heh, ojo lungo! Mandeg! Tak sikat untumu!

LAMPU MATI


BAGIAN 3

LAMPU MURUP.
BALI WAYAH ESUK MANEH. KAYA ADATE, SULI NGETUNGI AMPLOP, MBAH JEBRAK MAKANI WEDHUS, SARI ADUS.

LEGINU LAGI TEKA, NYANGKING KANDANG.

LEGINU
Yu, wis lebon durung?

SULI
Durung duwe duit.

LEGINU
Galo wonge arep teka mrene.

SULI
Walah, lha kok mruput temen.

SULI GAGE LE NGUKUTI AMPLOP. DILEBOKAKE NGOMAH BANJUR DELIK ANA KOLAH. SARI BENGOK.

SULI
Ssst, menengo. Ana gendruwo!

SARI
Aku wedi mak.

PARDI TEKA, MINDHIK-MINDHIK NGANTI TEKAN KOLAH. BANJUR MLEBU. PARDI KAGET BENGOK BANTER. SULI MELU BENGOK ORA KALAH BANTER.

SULI
Kere!

SARI
Owalah, tak kira gendruwo, jebule kere. Tiwas aku kaget.

PARDI
(ISIH GEMETERAN) Tak kira wewe gombel manak, Yu.

PARDI MBACUTAKE NIATE. KAYA ADATE. NGINDHIK GINAH SING AREP MANGKAT MERGAWE.

MBAH JEBRAK
Sega sambel tumpang durung tembus lho!

PARDI
Tenangno pikirmu, Mbah. Dina iki tak wanek-wanekake, tenan!

GINAH NJEDUL UGA KAYA ADATE, MLAKU MEGAL MEGOL.

GINAH
Monggo, Mbah Jebrak.

MBAH JEBRAK
Monggo, Mbak Guru.

GINAH
Monggo, Mas Pardi

PARDI
(MADHEP NANG MBAH JEBRAK)
Waduh, Mbah. Ngeruh-ruhi aku… (BUNGAH, CENGINGISAN)

MBAH JEBRAK
Yo diwales to, Di!

DURUNG NGANTI PARDI MALES, GINAH WIS LUNGO. TUKANG KREDIT TEKA NENG CEDHAKE PARDI. PARDI NGIRA KUWI GINAH.

TANGANE TUKANG KREDIT NDEMOK PUNDAKE PARDI. PARDI SAMSAYA CENGINGISAN.

PARDI
Aku kudu piye iki, Mbah?

MBAH JEBRAK
Kontrol, Di. Kontrol, Di.

TANGANE PARDI NDEMOK TANGANE TUKANG KREDIT. BARENG PARDI NOLEH….

PARDI+TUKANG KREDIT
Hiyaaaaaaaa!

PARDI
Cempe.

TUKANG KREDIT
Tengu.

PARDI
Haiyah, tengu sakmene gedhene?

TUKANG KREDIT
Lha opo ana cempe sing ayune kaya ngene?
Halah, Mbuh. Aku arep ketemu, Yu Suli!
Yu, Yu Suli!
(MARANG PARDI) Yu Suli ana Ngendi?

PARDI
Mbuh, ora weruh. (MACAK AREP NGARIT, BANJUR LUNGO)

TUKANG KREDIT
(MARANG LEGINU) Yu Suli ana ngendi, Kang?

LEGINU MENENG WAE. MALAH REKA-REKA NGGOLEKI NENG KLAMBINE.

TUKANG KREDIT
Wong kenthir!
(MARANG MBOK JEBRAK) Bu’dhe, Napa sumerep Yu Suli?

MBAH JEBRAK
Wah, pangapunten. Kawit enjang kok dereng ketingal nggih?
(OMONGAN KARO AWAKE DEWE) Dosa siji….

TUKANG KREDIT
Daleme suwung niku.

MBAH JEBRAK
Tindakan mbok menawi, Bu.
Dosa loro….

TUKANG KREDIT
Tindak dateng pundi nggih?

MBAH JEBRAK
Pangapuntenipun, Bu. Lha badhe kersa punapa to?

TUKANG KREDIT
Kula saking bank, Bu’Dhe. Punika sampun wancinipun lebon.

MBAH JEBRAK
Mangke sonten punapa kados pundi? Piyambake saweg tindakan kadosipun.
Dosa telu…

TUKANG KREDIT
O, Nggih menawi mekatin titip weling kemawon Mbah. Nyuwun tulung panjenengan sanjang dateng Yu Suli, bilih kula mangke badhe sowan mriki malih. Matur Suwun Mbah. Pareng…

MBAH JEBRAK
O, Nggih, Monggo-monggo.
TUKANG KREDIT AREP LUNGO NANGING KRUNGU SUARA ANA ING KOLAH. TUKANG KREDIT NYEDAKI NANGING…

DUMAKAN KEDUT NJEDUL SAKA SISIHE KOLAH.

KEDUT
Dor! Dor!
Awas! Ampun ndemok banyu mriki, banyu mriki mpun kena racun. Mengke yen sampeyan ngombe saged modar jalaran gerah sakwetawis wekdal. Mpun mang minggat mrika! Kula amanke ndisik!
Kula mpun angsal kekuatan saking Sailermun, kok.

TUKANG KREDIT
Wong gendheng! (BANJUR LUNGO)

KEDUT
Gendheng opo salak, mlaku timik-timik. Monggo enggal minggat yayi!
(MARANG LEGINU) Lik, mau telik sandine londho wis tekan kene durung?
Aku wis nggowo senjata nuklir saka newyork afganistan arep tak tembak cengele!

Lik kandangmu pring’e morak-marik glo!

LEGINU
Pring’e nek ora morak-marik yo ora dadi kandang! Kene tak lebokne kandang! (KARO MBUKAK KATHOK)

KEDUT
Gemang!! Gemang! Aja! Aja! Tulung Sailermuunn!! (LUNGO)

KAMIT DENGAREN ISIH ESUK WIS MULIH.

KAMIT
Esuk-esuk kok ramene ngungkuli pasar. Ana apa ta Nu?

LEGINU
Apa-apa ana, Kang. Gari milih. Sing genah dina iki lakone gayeng.

SULI KARO SARI METU SAKA KOLAH. SULI MLEBU NGOMAH.

SARI
Bapak yahmenten kok sampun kondur? Napa mboten nyambut damel?

KAMIT
Bapak lagi wae entuk rejeki, Nduk. Iki gilo wis entuk sarapan. Kana dimaem njero kana!

SARI
Asyik..! Mak, Bapak ngasta sarapan!

SULI METU SAKA OMAH. MAKJENGGIRAT LUNGA GAWA BUNGKUSAN.

SARI
Lho? Mak? Mak’e ajeng teng pundi?
(MARANG KAMIT) Pak?

KAMIT
Owalah Gusti, apa meneh kae sing arep didol?

KAMIT MLEBU NGOMAH. BALI METU MANEH.

KAMIT
Gusti Allah, paringana sabar…
Apa-apa entek ludes, gur arep dingo mburu gengsi. Yo wis kaya ngono kuwi tekone mak mu, Nduk.

SARI
Pak?


BAGIAN 4

WAYAH AWAN. LEGINU ISIH NENG KIOS KANDANG. MBAH JEBRAK ANA NJERO OMAH.

SULI METU SAKA OMAH BARENG KARO KAMIT. SULI AREP MANGKAT JAGONG.

KAMIT
Mbok ora usah mangkat wae to, Mak. Duite kanggo liyane.

SULI
Kae bekakas sing tuku aku dewe. Dadi yen tak dol yo duite tak nggo sak karep-karepku dewe!

KAMIT
Mbok yo ora mburu gengsimu dewe. Kowe apa ora nyawang, Sari ki wis wayahe ragat akeh. Sedela ngkas munggah SMA. Ragate mlebu SMA kuwi ora sithik.

SULI
Bab sekolah anak kui lak urusane wong lanang. Aku yo ramelu cawe-cawe!
Bu Darmo iki wong penting. Mbiyen nalika sepasarane Sari Bu Darmo nyumbang satus ewu. Lha yen aku ra mbalekake njur raiku tak dokok ngendi?

KAMIT
Bu Darmo kuwi lak wong sugih mblegedhu, tur meneh apa ya butuhe dewe mung jagong? Saiki isa jagong, sesuk mangan apa?

SULI
Sesuk ya golek meneh!

KAMIT
Sing golek sopo? Kowe yo isa golek? Lak yo isamu mung adol bekakas ta? Yen wis entek gusis jur arep adol apa? Adol awak?

SULI
Yo ben!

KAMIT
Wong wedok ora aturan! (AREP NAPUK SULI NANGING MBAH JEBRAK BENGOK)

MBAH JEBRAK
Aduh biyung!!!! Iki ana apa ta elae! Awan-awan kok nanggap bratayuda ana apa ta genahe??

SULI
Wis patenono aku sisan, Kang!

MBAH JEBRAK
Ngkosik, iki ana apa ta?

KAMIT
Wis ben, Mbok. Sabar kuwi ana watese. Wong wedok yen ora iso diatur ben tak rampungane saiki!

MBAH JEBRAK
Nu, Kamit gocek ana!

LEGINU NGGOCEKI KAMIT.

LEGINU
Sareh, Kang. Sareh, Kang…

KAMIT
Ora isa! Kudu ana sing mati!

MBAH JEBRAK
Nyebut le, Nyebut le!!

SULI
Patenono aku kang!

KEDUT
Ngkosik!
Siji tambah siji piro?

SULI + KAMIT
Loro!


KEDUT
Loro tambah loro?

SULI + KAMIT
Papat!

KEDUT
Gendera Indonesia apa?

SULI + KAMIT
Abang Putih

KEDUT
Lagu kebangsaan Indonesia apa?

SULI + KAMIT
Indonesia Raya!

KEDUT
Sila ketiga Pancasila apa?

SULI + KAMIT
Persatuan Indonesia!

KEDUT
Pekik perjuangan apa?

SULI + KAMIT
Merdeka!

KEDUT
Baleni!

SULI + KAMIT
Merdeka!

KEDUT
Baleni!

SULI + KAMIT
Merdeka!

KEDUT
Nah, wis. Bar. Mupakat.

KEDUT NYALAMI SULI KARO KAMIT. SULI KARO KAMIT BINGUNG.

MBAH JEBRAK
Wis, saiki karepmu cah. Dikandhani wong waras ora nggugu, nanging didikte cah gendheng malah manut.
Wis terus-terusna wae. Aku ra melu cawe-cawe. Yen nekad kok bacutake yo tegese ora ono bedhane kowe kabeh kare cah gendheng kae. Yen ana sing mati layato dhewe, ndhudhuko jugangan dewe. Urugen dewe. Ndonga’a dhewe! Pitung dinanen dhewe! Patangpuluh dinanen dhewe…!

MBAH JEBRAK MALAH MUNI-MUNI BANJUR MLEBU NGOMAHE DEWE.
SULI LUNGO KLEPAT.
KAMIT MLEBU NGOMAH.

LEGINU NDANDANI KANDANG, NANGING DUMADAKAN PARDI TEKA KAYA ADATE. GAGE LE AREP NGINDIK.

LEGINU
Owalah, Kang, Kang. Sampeyan kok yo ra jeleh-jeleh to, Kang?

PARDI
Ngene iki jenenge tresno sak modare, Nu.

LEGINU
Lha yen carane kaya sampeyan kuwi, mbok nganti modar to yen kecandak.

PARDI
Halah, ngertimu ki opo bab wong wadon?

LEGINU
Woooo, kene ki yo jelas juara no! Wong den baguse iki wis tahu ngasak tekan jagat manca.

PARDI
Ngopo? Golek wong wadon?

LEGINU
Ora! Ngarit!
Yo golek wong wadon to!! Iki sing dirembug ki bab apa coba?

PARDI
Iyo, iyo piye?

LEGINU
Aku ki wis ngambah jagat manca, ketemu wong wadon manca warna.

PARDI
Kuwi wong wadone ora wuto ta?

LEGINU
Ha, iki! Iki sampeyan takon opo ngajak gelut?

PARDI
Mbok, menowo….

LEGINU
Dadi, ngene, ana bebasan jodo iku ana ing astane Gusti Allah. Lha, berarti yen aku ro sampeyan ora usaha yo tetep neng Astane Gusti Allah. Ya ta?

PARDI
Iya,iya… bener. Lha nanging apa sing tak lakoni iki yo wujud usaha ki?

LEGINU
Wis ana hasile?

PARDI
Lha wingi nyatane wis gelem ngeruh-ruhi?

LEGINU
Klerune sampeyan yo nggon kono kuwi. Kuwi iwak sing lagi ngambu umpane.
Dadi ngoyak wong wadon kuwi ibarate wong mancing. Wales diuncalke, ojo kesusu disendal. Di enteni, ditarik alon-alon. Di ulur ditarik diulur maneh, yen wis kecanthol lagi disendal sing banter. Genah kecekel kuwi!

PARDI
MRAKTEKAKE NGANGGO GAGANG PANCING.
Dadi diulur, ditarik, Diulur maneh… ditunggu sik…. Wis nyantol durung yo?

ORA LET SUWE..

PARDI
Wah ketoke nyanthol, Nu?

LEGINU
Coba ditarik, Kang!

PARDI
Hiyaaaa!

SAKA KALI NJEDUL TUKANG KREDIT SING BUBAR NGISING.
LEGINU SAYA KEPINGKEL-PINGKEL.

PARDI
Bener kandamu, Nu. Tarik ulur tarik ulur trus nyanthol Lha nanging kok sing kecanthol cempe?

LEGINU KARO PARDI CEKAKAKAN

TUKANG KREDIT
Yu Suli ana ora?

LEGINU
Heh! Ssstt!! Ngkosik-ngkosik! Tak kandani. Iki lagi wae bar ana perang brata yuda.

PARDI
Hah sapa?

LEGINU
Kang Kamit karo Yu Suli. Mau geger!

TUKANG KREDIT
Sampeyan opra gawe-gawe, to kang?

LEGINU
Wani kethokan gulu! Iki yu Suli lunga, mbuh minggat nang ngendi. Kang Kamit ana njero ngomah. Nanging isih durung sareh. Opo kowe gelem ngggugah macan turu?

TUKANG KREDIT
Wah, njur piye iki Kang? Lha utange Yu Suli wis tekan wancine. Kepoloku yo wis ngoyak-oyak, iki wis meh entek sasi.

LEGINU
Wis manuto aku. Sesuk wae mrene meneh. Timbang melu kena godo rujak pala kowe!

TUKANG KREDIT
Walah Yo wis yen ngono Kang. Tak bali sesuk wae.

TUKANG KREDIT LUNGO.

LAMPU MATI. NANGING LAMPU BOLAM OMAH BAJUR URIP, NANDHAKAKE WAYAH BENGI.


BAGIAN 5

WAYAH BENGI. ANA WONG LORO DANDAN IRENG-IRENG. SAKA AWAKE KETOK YEN KUWI WONG WADON. NGINDHIK KANDHANG WEDHUSE MBAH JEBRAK. JEBULE MALING WEDHUS.

MBAH JEBRAK KRUNGU SWARA WEDHUSE BANJUR TANGI METU.

MBAH JEBRAK
Sapa ya kuwi?
Yongalah Gusti Allah! Ana Maling cah! Iki piye? Iki piye?

WONG-WONG BANJUR TEKA NUTHUKI KENTHONGAN KARO BENGOKI MALING.

LAMPU MATI.


BAGIAN 6

WAYAH AWAN. KABEH ANA ING OMAHE KAMIT. KEJABA GINAH KARO KEDUT.
ANA ING KONO UGA ANA BU BAYAN. SULI NANGIS MBENGUNGUNG DIRUBUNG WONG PIRANG-PIRANG.

MBAH JEBRAK
NANGIS MISEK-MISEK.
Kok ya tegelmu nganti semono to nduk?

SULI
Dudu aku Mbah…

MBAH JEBRAK
Marang sedulur kowe iso maleh maling, ilang elingmu.

SULI
Aku ora nyolong Mbah…

MBAH JEBRAK
Pancen ora nyolong, nanging jupuk. Jupuk barang sing dudu duweke. Opo to abote nembung? Kapan aku tahu ora entuk mbok silihe? Yen pancen duwe aku karo kowe opo kurang nyah-nyoh?
Kowe wis tak anggep anakku dewe nduk, Aku ora ngiro yen caramu males koyo ngene iki..

SULI
Mbah…..

MBAH JEBRAK
Dadi pancen bener kandhane Kamit, nyumbang kuwi kudune mung sak pawihe, sak mampune. Ora sah mekso, ora perlu ngoyoworo. Nyumbang kuwi sing nglantari rasa lkhas, dudu nepsu. Ora nggo mburu gengsi…

SULI
Aku ra trimo yen iki, Mbah!
Aku nyumbang nggo duit2ku dewe. Yen kepekso adol aku yo adol bekakasku dewe!
Aku ra nyolong…!

KAMIT
Mak! (mentheleng)

PAK BAYAN
Sampun-sampun! Mboten usah rame. Mboten sekeca menawi dimirengaken tiyang kathah. Monggo dipun musyawarahaken kemawon. Menawi Bu Suli menika pancen saestu lepat kula nyuwun puhak kulawarga legowo, nglilaken bilih bu Suli kedah nglampahi paukuman.

KAMIT
Kula dherek kemawon menapa ingkang dados kersanipun Pak Bayan. Menawi panci lepat, sanadyan menika garwa kula, ikhlas piyambake dipun ukum cara adat.

SULI
Aku ora luput, Kang! Aku ora nyolong!

KAMIT
Wis rasah selak maneh. Wis cukup anggonmu ngisin-isinake kulawarga kene!

SULI
Saestu, Pak Bayan. Sanes kula!

PAK BAYAN
Menawi mekaten, monggo kita beta sesarengan kemawon wonten kontor polisi. Samangke kersanipun ingakang berwenang ingkang mutusaken.

KEDUT DUMADAKAN TEKA.

KEDUT
Gara-gara…
Gara-gara ana carita, ing desa Madukara kene.
Ana prawan manak wedus. Banjur, Bapake sapa?
Hahaha…
Iki carita dudu sembarang carita
Banjur piye?
Mas Pardi, Lik Leginu..
Nek kowe pengin ngerti sejatine kedadeyan iki,
Enggal mara-a neng kana, neng omahe mbak Ginah!
Kae, apa kae!

PARDI LAN LEGINU MLAYU NENG OMAHE YU GINAH
LET SEDELA TEKA MANEH KARO NGGLANDANG YU GINAH

PAK BAYAN
Niki wonten nopo to mbak Ginah? Kok malah dadi tambah ruwet lho..

GINAH
Inggih Bu, kula ngaku lepat.

KEDUT
Nah, lak tenan to? Sapa bapakne bu?

GINAH
Wedhus menika sanes anak kula!

PARDI
Lha malah dudu anake, wah, penculikan iki!

PAK BAYAN
Sik-sik niki jane enten nopo to bu Ginah?

KEDUT
Kulo dikandani sailermoon yen bu Ginah manak wedus..!!

PARDI
Heh.. kowe meneng! Saliormoon sailormonn kekrek lambemu…

GINAH
Inggih kulo ngaku lepat mpun nyolong wedhuse Mbokdhe jebrak!

PARDI
Waduh! Mbok yo sing dicolong kuwi aku… wong ono wong baguse koyo ngene kok yo pilih wedhus to mbakyuuuu!!!
Loro ati aku! Loro ati aku!

SULI
Lha dalah! Rak tenan to? Aku wis ngiro! Iki Wong wadon ora bener! Wong wadon ayu-ayu kok bakat nyolong!

GINAH
Kula kepeksa Bu, Kangge nyumbang!

KABEH
Nyumbang?

GINAH
Inggih, Bu, rencang kantor kulo gadhah damel. Kulo kedah nyumbang, kedah tumbas sandhangan enggal, tumbas niki tumbas niku..

PAK BAYAN:
Lha olehmu nyolong apa ya mbok tuntun dhewe?

GINAH
Mboten, kula kenkenan mas Genjik kaliyan Mas Gudel

LEGINU
Wah, lagi iki ana kedadeyan, wedus dituntun genjik lan gudel

PARDI
Hahahaha…
Wah, tenang mbah Jebrak! Genjik lan Gudel sesuk tak cangkinge neng kelurahan!

PAK BAYAN
Nyumbang kuwi pancen apik. Gawe entenge liyan kuwi tumindak sing prasaja. Nanging aja kabeh banjur dietungke nganggo duit. Isa nyumbang pikiran, ya pikirane sing disumbangke. Isa nyumbang tenaga, ya tenagane sing disumbangke. Isa nyumbang beras, woh-wohan, palawija, lan apa wae sing isa disumbangke kuwi becik. Nanging nyumbang kuwi ya nganggo paugeran. Ora oleh ngangsa, ora oleh ngluwihi wates kemampuane. Agama uga nganjurake babagan mau tho?

KAMIT
Nggih Pak Bayan. Njur niki pripun angsale ngrampungke masalah niki?

PAK BAYAN
Apike, menawa kabeh iki isa dirampungke kanthi kekeluargaan, ya dirampungke kanthi kekeluargaan wae. Mbah Jebrak, kae gandeng wedhusmu ya wis bali utuh, lan Mbak Ginah ya wis ngakoni salahe, nek mbok apura piye?

MBAH JEBRAK
Nggih Pak Bayan, mboten napa-napa, angger Mbak Ginah mboten mbaleni tumindake malih.

PAK BAYAN
Piye Mbak Ginah?

GINAH
Inggih, Mbah, kula khilaf, kula klenthu. Kula mboten ajeng mangsuli malih.

PARDI
Aja mbok baleni meneh ya! Wong wadon kok nyolongan. Sapa sing gelem karo kowe nek ngono kuwi?

GINAH
Inggih mas..

PAK BAYAN
Ya uwis. Syukur nek kabeh isa nampa kahanan ini. Iki isa kanggo pelajaran awake dhewe kabeh. Gandeng wis rampung, aku tak bali sik ya.
Mbak Ginah, sakmenika badhe wonten acara wonten pundi?

GINAH
Mboten wonten Pak Bayan. Kersane pripun?

PAK BAYAN
Nek ora ana, ngga ngancani aku, arep golek klambi neng pasar Rebo. Ana sing nesu ora iki mengko?

GINAH
Purun Pak Bayan. Mboten wonten ingkang nesuk Pak Bayan. Kula tasih legan.

PAK BAYAN
Ya uwis, ayo mangkat. Prawan karo duda, ya pantes wae.. Hehehe…

BARENG PAK BAYAN LAN GINAH LUNGA, PARDI UJUG-UJUG MEH SEMAPUT, NANGIS-NANGIS KARO GOJEKAN CAGAK.

PARDI
Hua…hua… hua… Pak Bayan! Dik Ginah…!

PARDI DIRIH-RIH WONG AKEH. SEMAPUT DADI LAYATAN!

KEDUT
Ya ngene ki caritane. Sandiwara ing dukuh Madukara.
Ana lelakon, wong nyumbang dadi gegeran
Merga kabeh nabrak paugeran
Oalah, menungsa-menungsa.
Lha ana crita liyane, Pak Bayan sing duda entuk perawan!
Hahaha… nasibmu apik Pak Bayan..
Lha sapa kae, nangis mberung-mberung?
Oalah, Mas Pardi tho?
Mas Pardi… Mas Pardi…
Apik bebudenmu mas. Aja kuwatir, Gusti ora sare..
Bakal entuk gantine mas..
Hahaha…
(TUKANG KREDIT TEKA, NYEKEL TANGANE PARDI, KARO MENEHI KEMBANG MAWAR. PARDI MUNG MANUT, LINGSEM, SENENG BANJUR MESEM)
Ya, elinga, sakbeja-bajane wong lali, isih beja sing eling kalawan waspada.



MUSIK KEPRUNGU KEPENAK
DESA MADUKARA DADI AYEM… TENTREM..

TAMAT.

Semoga dengan postingan diatas yang berjudul Naskah Drama Bahasa Jawa 10 Orang Kamit Sandiwara Basa Jawi dapat bermanfaat untuk sobatku semuanya, dan jangan lupa share buat temannya yang membutuhkan naskah drama ini, dan cobalah share di facebook ataupun media social lainnya.

0 Response to "Naskah Drama Bahasa Jawa 10 Orang Kamit Sandiwara Basa Jawi"

Post a Comment