google.com, pub-4169750801100201, DIRECT, f08c47fec0942fa0
Pembawa Acara MC Adicoro Arisan Bahasa Jawa | MUDA MUDI CONDROWANGSAN

Pembawa Acara MC Adicoro Arisan Bahasa Jawa

Pembawa Acara MC Adicoro Arisan Bahasa Jawa - Pada kesempatan ini kami akan memberikan contoh lengkap untuk menjadi seorang pembawa acara yang biasa di sebut mc dalam acara arisan dengan bahasa jawa yang baik dan benar. Kalau di artikan dalam bahasa jawanya adalah pembawa acoro bahasa jawa wonten ing adicoro arisan. Langung saja simak Teks Naskah Pembawa Acara Bahasa Jawa Adicoro Arisan dibawah ini semoga bermanfaat:

Pembawa Acara MC Adicoro Arisan Bahasa Jawa

PEMBAWA ACARA

Assalamualaikum Wr. Wb
Ingkang rumiyin kito tansah muji syukur wonten ngarso dalem Allah SWT. Ingkang sampun paring mapinten-pinten karohmatan, hidayah soho kawilujengan dumateng kito sedoyo sahinggo ing wedal dalu puniko kito sedoyo saget makempal wonten acoro kempalan muda-mudi RT 04 kanthi mboten manggihi alangan satunggal punopo.

Mboten kesupen solawat soho salam mugi katetepno dumateng junjungan kito Nabi Muhammad SAW, ingkang saget kito anti-anti safangatipun ing zaumul akhir samangkih.
Keparengo kulo matur wonten mriki minongko pranoto adicoro, sakderengipun acoro kawiwitan langkung rumiyin badhe kulo waosaken menggah reroncening adicoro ingkang badhe kito ayahi ing wedal dalupuniko.

·         Acoro ingkang ongko sepisan inggih puniko Atur Pambuko
·         Acoro ingkang ongko kalih Atur Pangandikan saking Ketua Pemuda RT 04
·         Acoro ingkang ongko tigo Arisan
·         Acoro ingkang ongko sekawan Laporan Bendahara
·         Acoro ingkang ongko gansal Laporan Dana Sosial
·         Acoro ingkang ongko enem Musyawarah
·         Acoro ingkang ongko pitu Laporan Sie Ketertiban
·         Acoro ingkang ongko wolu Panutup

Lan monggo gandeng wedal sampun dumugi titi wancinipun acoro badhe kito wiwiti, mlebet wonten acoro ingkang sepisan inggih meniko atur pambuko, pramilo monggo adicoro puniko kito purwakani kanthi waosan basmallah, dene ingkang angrasuk agami sak sanese Islam, kulo sumanggaaken khanti piyambak, monggo kito maos Basmallah sesarengan.
Maturnuwun mugi khanti waosan Basmallah puniko acoro waged lumampah kanthi sae.

Ø  Nyandak adicoro ingkang ongko kalih inggih puniko Atur Pangandikan saking Ketua Pemuda, kanthi puniko dumateng sederek ………… wedal kulo aturaken.
Maturnuwun, dumateng sederek ………… ingkang sampun kerso paring atur pangandiko.
Ø  Nyandak adicoro ingkang ongko tigo inggih puniko Arisan dumateng sederek ………… wedal kulo aturaken.
Mekaten atur pangandikan saking sederek ………… minongko Seksi Arisan khanti puniko kulo aturaken agunging matur nuwun.
Ø  Mlebet wonten acoro ingkang saklajengipun inggih puniko Laporan Bendahara, dumateng sederek ………… wedal kulo aturaken sakcekapipun.
Mekaten atur pangandikan saking Seksi Bendahara, khanti puniko kulo aturaken agunging matur nuwun.
Ø  Lan nyandak adicoro ingkang ingkang ongko gangsal inggih puniko Laporan Dana Sosial. Dumatheng sederek ………… wedal kulo aturaken.
Mekaten wau Laporan Dana Sosial.
Ø  Adicoro saklajengipun inggih puniko Musyawarah. Dumateng sederek ………… kasuwun mimpin adicoro puniko.
Meniko acoro musyawarah ingkang sampun kito ayahi sesarengan, kulo aturaken maturnuwun dumatheng sederek ………… ingkang sampun kerso mimpin.
Ø  Mlebet wonten acoro ingkang kaping pitu inggih puniko Laporan Ketertiban, dumateng sederek ………… wedal kulo aturaken.
Maturnuwun, dumateng sederek ………… ingkang sampun kerso paring atur Laporan Ketertiban.
Ø  Adicoro saklajengipun inggih puniko Panutup. Ananging saderengipun acoro katutup, saking kulo minongko Pranoto Adicoro anggadahi kalepatan anggenipun nderekake acoro puniko wiwiti purwo madyo soho usononipun saestu kulo nyuwun sih lumunturing samudro pangaksami.

Lan monggo adicoro puniko kito tutup kanthi waosan Hamdalah. Kulo derekaken.
Saking kulo, kulo akhiri.

Wassalammualaikum Wr.Wb.


Semoga dengan postingan diatas yang berjudul Pembawa Acara MC Adicoro Arisan Bahasa Jawa dapat bermanfaat untuk sobatku semuanya. dan jangan lupa untuk selalu berkunjung diblog ini karena setiap harinya akan selalu update dengan artikel yang lebih menarik lagi.

0 Response to "Pembawa Acara MC Adicoro Arisan Bahasa Jawa "

Post a Comment