google.com, pub-4169750801100201, DIRECT, f08c47fec0942fa0
Percakapan Lucu Dan Humor Koplak Bahasa Jawa | MUDA MUDI CONDROWANGSAN

Percakapan Lucu Dan Humor Koplak Bahasa Jawa

Percakapan Lucu Dan Humor Koplak Bahasa Jawa

Percakapan Lucu Dan Humor Koplak Bahasa Jawa


Modifikasi Kopi Luwak dadi Kopi Kucing
Slamet mertamu nang omahe Faisol disuguhi kopi. Jarene kopine enak tenan, soale Faisol ngelem kopi sing disuguhno. Slamet akhire nyruput kopi soale penasaran rasane.

Slamet: "Iki kopi opo tho, kok rasane rodo kecut?"

Faisol: "Iku kopi istimewa, meh podo karo kopi luwak sing larang iku."

Slamet: "Woo ngono tho, kopi opo jenenge?"

Faisol: "Kopi kucing, aku gawe dewe..."

Slamet: "Opo iyo kok jenenge kopi kucing?"

Faisol: "Soale diolah lewat kucing, kopi luwak kopine dipangan luwak ndisik sakdurunge diolah, kopi kucing iki dipangan kucing sakdurunge diolah dadi kopi bubuk.
Aku terinspirasi karo kopi luwak, cuma ben gampang aku gawe kucing ae."

Slamet: "Kucing doyan kopi to, Sol?"

Faisol: "Sakjane yow ora, kopine tak gerus rodo kasar, trus tak campur ikan asin, mari ngono tak pakakno kucing.

Slamet: "Terus piye prosese Sol?"

Faisol: "Kopine kan metu bareng taek kucing, gerusan kopine disaring, dikumbah terus dipepe sampek garing, terus digiling maneh sampek halus. Lha iki kebetulan awakmu sing pertama nyubak kopi kucing, wong yo durung onok sing tak suguhi kopi kucing iki, aku dewe arep nyoba kok yo gak kolu... Yo opo Met, rasane?"

Slamet: "TAI ASu....eh ASuuuuu tenaaann eh.... kowe pencen ASSuuu ...!!! Iki duduk kopi kucing Sol, iki tai kucing jenenge!" 



Angon Wedhus
Bunali pethuk Wonokairun lagi angon wedhus.

"Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?" jare Bunali
"Yo lumayan " jare si Mbah
"Pira kabehe, Mbah ?" takon Bunali maneh
"Sing putih opo sing ireng ?"
"Sing putih, wis"
"Selawe"'
"Wik, cik akehe. Lha sing ireng?'"
"Podho..." jare Wonokairun ambek ngarit suket

Bunali takon maneh.

"Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah.."
"Yo.."
"Pirang kilo mangane sakdino ?"
"Sing putih opo sing ireng ?"
'Sing ireng, wis'
"Yo kiro-kiro limang kiloan"
"Lha sing putih?"
"Podho . . ."

Bunali bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih tah ireng, wong jawabane yo podho ae.

"Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu, sampeyan mesti leren takon sing putih tah sing ireng barang. Padahal masiyo putih utawa ireng, jawabanmu podho terus. Sakjane ngono onok opo?"

"Ngene lho, sing putih iku wehusku..."

"Lha sing ireng ?"

"Podho . . ."


Ramalan Bintang Zodiak Jowo
1. Pirgo
Penggawean sing cocok: dodhol blewah karo jengkol.
Keuangan: dedel duwel.
Asmara: golek sing rodho genah lan waras.

2. Akuwarius
Penggawean sing cocok: Dodol ondho karo gedek.
Keuangan: nyilah-nyilih tonggo.
Asmara: Sedelok engkas jomblo,dikepret calon mertuwo.

3. Piskes
Penggawean sing cocok: mikuli galon, mangkal ngojeg nang protelon.
Keuangan: Ledeh kabeh, kakehan nogel.
Asmara: jare morotuwo "aku golek mantu tp gak koyok raimu".

4. Ariyes
Penggawean sing cocok: angon wedhus,mbecak.
Keuangan: kakehan utang, tombok terus.
Asmara: upgrade-en disik dapuranmu.

5. Tawurus
Penggawean sing cocok: dadi trader.
Keuangan: kapusan konco dewe. Njaluk diruwat.
Asmara: gak payu2, ganti pelet karo menyane .

6. Gemini
Penggawean sing cocok: Nyuluh welut, golek bekicot.
Keuangan: ngedoli warisan mertuwo.
Asmara: gak jelas sir-siran e lanang opo wedok.

7. Kanser
Penggawean sing cocok: Macul, angon bebek, golek jangkrik.
Keuangan: sekarat, atene bangkrut.
Asmara: gak ono sing gelem, modal cupet dompet ngapret.

8. Leyo
Penggawean sing cocok: dodolan suket karo dodolan daster.
Keuangan :mbrebet .
Asmara: ati2 bakal kepelet bintang film kartun

9. Libra
Penggawean sing cocok: ngorek-orek larahan nek gak dadi tukang golek beling.
Keuangan: gak enthos golek duwik.
Asmara: malem minggu sir2anmu ngidam menek talang

10. Sekorpio
Penggawean sing cocok: Ngelapi genthenge tonggo.
Keuangan: podo mlarate, dikuras copet.
Asmara: duwe sir-siran nggrik-ngriken.

11. Sagitariyus
Penggawean sing cocok: Ngresiki kakus, nek ono wektu nyopeto.
Keuangan: bojo purik njaluk mulih nang mertuwo.
Asmara: ditempilingi ae karo bojo mu.

12. Kaprikorn
Penggawean sing cocok: Dagang krupuk upil.
Keuangan: Nguwatirno, waspada tukang panci nagih!
Asmara: hambar, pacar mu njaluk rebonding kelek e ajur mumur.


Bahasa Jawa Lebih Efisien Daripada Bahasa Inggris
Walk slowly on the side of the road (mlipir)

Fall backward and then hit own head (nggeblak)

Got hit by a truck that is moving backward (kunduran trek)

Smearing one's body with hot ointment or liquid and then massaging it (mblonyo)

Taking the longer way to get to the destination (ngalang)

Riding an old bicycle (ngonthel)

Falling/ tripping forward (and may hit own face) (kejlungup)

Side effect after circumcision (gendhelen)

Hot pyroclastic cloud rolling down a volcano (wedhus gembel)

A small, sharp thing embedded inside one's skin (susuben/ketlusupen)

Feeling uncomfortable because there is something that smells bad (kambon)

Things getting out from a container accidentally because of gravity (mbrojol)

Get hit by thing collapsing on top of one's head/body (kambrukan/kebrukan)

Drinking straight from the bottle without using glass, where whole bottle tip gets into the mouth (ngokop)

Cannot open eyes because something is shining very bright (blerengen)

Cannot hold bowel movement (ngebrok)

Something coming out from one's rear end little by little (keceret/kecirit/pejret)

Hanging on tightly to something in order to be inert (gondhelan)

Falling/ tripping accidentally because of a hole (kejeglong)

Doing something without thinking about the consequences (ngawur/cenanangan)

Being overly active carelessly (pecicilan)

Feeling unwell because of cold temperature (katisen)

Making too much noise, disturbing other people (mbribeni)

Tripping over accidentally caused by wires, cloths, gowns etc. (kesrimpet)



Berobat Nang Klinik Tong Pes
Nang daerah cedek kenjeran, ono klinik jeneng klinik "TONG PES". Nang kono ditulisi, sopo ae sing berobat nang kono gak waras, duwite dibalekno sampek 5X lipat. Saben dino klinik iku rame terus, gara-gara slogane sing provokatif. Tapi yo ngono, saben berobat nang kono, pasienne mesti waras. Durung tau ono pasien sing komplain, gara-gara gak waras.

Akhire ono arek jenenge Mantili iseng2, pingin ben klinike gak iso nangani ben duwite iso mbalik 5X lipat. Deweke ngarang penyakit sing kiro-kiro aneh, sing wong durung tau krungu.

"Bib, aku iki kog duwe penyakit aneh yo?", curhat nang tabibe TONG PES
"Penyakit opo cak?", jare tabibe
"Iki loh bib, aku ben mbadog kog gak kroso opo-opo. Pedes, asin, legi, gak kroso blas."
"Owalah, iki ngono penyakit gampang diwarasno. Mei Lin, tulung jupukno obat No. 7."

"Iki cak, obate sampeyan ombe saiki. Ono perubahan opo gak?"
"(aku pura-pura gak kroso opo-opo ah, ben duwite iso mbalik)" Batine Mantili. Barang diombe, eh... mantili keceplosan "Jancoook iki ngunu duduk obat bib, tapi telek pitik, matamuuu picek tah?!!"

Tabib: "Wah, berarti wes waras raimu... Cangkemmu wes iso ngrasakno telek pitik barang..."

Akhire Mantili mulih karu nggremeng gak mari-mari... "Asuu, wedhooss, gateli tabib iku..!!"

Minggu ngarepe, Mantili iseng meneh, pingin berobat nang klinik TONG PES. "Mugo-mugo ae aku gak apes cok, entok duwek akeh gae nggarap wedokan."

"Bib, aku duwe penyakit aneh..."

"Opo iku?"

"Ngene bib. Aku akhir-akhir iki kog gampang lalian. Jek tas 5 menit nggacor wis lali sing di nggacorno..."

"Walah...gampang iku."

"(Cok, asuuuu, kog ngomong gampang meneh?)", batin Mantili sing wis merinding gak karuan.

"Mei Lin, tulung jupukno obat no. 7", jare tabibe..

"Bib ojok gateli yo raimu cok, aku moh nek obat no. 7"

"Loh opo'o?"

"Iku duduk obat suu, tapi telek pitik."

"Lah iku raimu eling cok, Berarti penyakitmu wis waras pek!!!"

"Wes bib, gak sudi aku gak kate brobat meneh. Gateelll Ben nang kene disuguhi telek pitik. Apes temen awakku..."

Tabibe ngguyu cekikikan ..!



Judul pilem Hollywood


Enemy at the Gates – Musuhe Wis Tekan Gapuro 

Die Another Day – Modare Ojo Saiki

Die Hard – Gak ono mate’e

Die Hard II – Matine Angel Tenan

Die Hard III With A Vengeance – Kowe Kok Ra Mate-Mate To?

Die Hard IV (Die) – Jan Tenan’an…Arep Mati Kok Angel Tenan

Bad Boys – Bocah-Bocah Elek

Man of Fire – Wong Lanang Kesumuken

No Way Back – Ora Iso Mulih ( kesasar yo?)

Red Eye – Matane Abang ( klilipan opo?)

Casino Royale – Togel Akeh Duite

The Hoax – Ngapusi

Harry Potter – Hari Dodol’an Pot

Lost in Space – Ilang Neng Awang-awang

Cheaper by the Dozen – Tuku Selusin Luwih Murah

Paycheck – Kasbon

Independence Day – Pitulasan

There is Something About Marry – Meri Ono Opo-Opo’ne

Silence of the Lamb – Wedhus’e Mutung

Planet of the Apes – Planete Wong Apes

Gone in Sixty Second – Minggat Sak’cepete

The Abyss – Entek-Entek’an

Deja Vu – Pang’ling

Terminator – Terminal Montor

Lord Of The Ring – Pedagang Akik

Deep Impact – Ngantem Njero

Million Dollar Baby – Babi Regone Sa’juto

Blackhawk Down – Manuk Ireng Kenek Be’dhil

Saving Private Ryan – Ngelesi Privat Mas Ryan (pancene goblog tenan opo?)

Gone With The Wind – Wes Ewes Ewes Bablas Angi’ne

Because I Said So – Dikandani Kok Ngeyel Tenan Sih




Coba deloken, kowe klebu wong opo?

1. Wong sing ORA JUJUR.
Wong sing nek ngentut terus nyalahke wong liyo.

2. Wong GOBLOG.
Wong sing ngampet ngentut nganti jam-jaman.

3. Wong sing jembar WAWASAN-e
Wong sing ngerti kapan kudu ngentut.

4. Wong sing SENGSORO
Wong sing pengin banget ngentut ning ora iso ngentut.

5. Wong sing “MISTERIUS”
Wong sing nek ngentut, wong liyo ora ono sing ngerti.

6. Wong sing GUGUPAN
Wong sing ujug-ujug nyetop entute nek pas lagi ngentut.

7. Wong sing PERCOYO awake dhewe (percaya diri)
Wong sing ngiro nek entute dhewe ambune wangi.

8. Wong KEJEM (sadis)
Wong sing nek ngentut nang amben terus ngibaske seprei-ne nang ambene
koncone.

9. Wong sing ISINAN
Wong sing nek ngentut ora muni ning terus rumongso isin.

10. Wong sing STRATEGIS
Wong sing nylamurke entute kanthi ngguyu cekakakan.

11. Wong sing BODHO.
Wong sing nek bar ngentut terus ngunjal ambegan dienggo ngganti entute sing
metu.

12. Wong CETHIL.
Wong sing nyadhangke entute (nek ngentut diencret thithik-thithik) .

13. Wong SOMBONG
Wong sing seneng ngambu entute dhewe.

14. Wong RAMAH
Wong sing seneng ngambu entute wong liyo.

15. Wong sing ORA SENENG SRAWUNG
Wong sing nek ngentut ndhelik.

16. Wong “AKUATIK” (iki boso jowone opo yo? tulung Jad terjemahno)
Wong sing senenge ngentut nang njero banyu ben-e muni
“blekuthuk-blekuthu k”.

17. Wong sing ATLETIS
Wong sing nek ngentut karo ngeden.

18. Wong JUJUR
Wong sing ngakoni nek bar ngentut.

19. Wong PINTER
Wong sing niteni ambune entut tonggone.

20. Wong SIAL
Wong sing nek ngentut mesthi katutan AMPASE.


Cukimai
Numpak Sepur klutuk wah sedih banget Paino ninggalake kampung halaman.


Neng sepur Paino ketemu gadis lencir kuning Pingkan asal Manado. Dasar Paino cah ndeso durung kenal karo Gadis Manado pura-2 sok akrab. Karo kipas-2 nganggo kipas nyam-2-an Pingkan ngeluh :

"Cukimai, panas sekali hari ini .... mau kemarau kali ya ?"
Dasar si Paino sok tahu melu-2 nimbrung karo kipasan koran : "Saya juga cukimai... bener mau kemarau !" omonge kalem karo mesem.

(Cukimai: semacam pisuhan koyo istilah jancuk)



Air Susu Ibu
Yuk Jah lungo nang dokter anak ambek nggendhong bayek.
Gak sui Yuk Jah diceluk mlebu, tibake doktere guanteng.

Mari merikso bayeke, doktere takok nang Yuk Jah, "Ning, arek iki ngombe ASI opo susu botol ?"

"ASI pak dokter . . ." jare Yuk Jah.

"Wah lek ngono tulung aku prelu merikso susu sampeyan, " jare doktere.

Yuk Jah nurut, klambine dibukak.
Mari ngono ambek doktere diperikso alon-alon.
Yuk Jah seneng ae, soale enak ambek doktere kan ganteng pisan.

Wis mari merikso, doktere ngomong ngene, "Waduh Ning, yo pantes bayek sampeyan kuru, wong sampeyan iku gak ndhuwe susu."

Jare Yuk Jah, "Dhudhuk aku sing nyusoni pak dokter ".

"Lha sopo lho ? ." doktere bingung.

"Aku iki rewang/ewange/pembantu . ."


Sepuluh ewu (21+)
Wonokariun ngejak gendakane, jenenge Mbok Cempluk, perikso nang dokter Bunali.

"Opoko sampeyan iku mbah, wong awake ketok tahes kok athik perikso." takok
dokter Bunali.

"Ngene lho dok, umurku iki wis 80 lha bojoku iki wis kewut pisan umure 75.
Aku pingin takok opo sik oleh tah aku ambek bojoku iki main koyok manten
anyar ?" takok Wonokairun ambek isin-isin.

"Lho lek sampeyan gak onok penyakit yo aman-aman ae. " jare doktere.

"Wah tepak lek ngono, cumak cik tambah mantep, tulung aku ambek bojoku
diperikso. Lha terus mumpung ndhik kene, aku tak main ambek bojoku nang
kamar praktek sampeyan. Tulung dipantau mbok menowo onok opo-opo." Jare
Wonokairun.

Batine Bunali, sak umur-umur lagek iki ono pasien njaluk sing aneh koyok
ngene. Tapi wong jenenge dokter akhire panjaluke Wonokairun dituruti, mari
jantunge diperikso, wong loro iku main tutupan layar. Lha Bunali ngenteni
jogo-jogo lek misale wong loro iku gak kuat terus jantungen.

Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu.
"Yok opo dok, aman ae tah?" takok Wonokairun.

Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik
kuat. "Wis mbah, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."

"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.

"Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline sehat." Jare Bunali.

Mari ngono arek loro iku pamitan mulih.

Seminggu maneh, wong loro iku teko maneh nang dokter Bunali. Persis koyok
seminggu kepungkur, njaluk diperikso jantunge, mari ngono njaluk dipantau
pas main.
Bunali yo nuruti ae wong pancen tugase sebagai dokter.

Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu.
"Yok opo dok, aman ae tah?" takok Wonokairun.

Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik
kuat. "Lak wis tak kandani, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."

"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.

"Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline sehat." Jare Bunali.

Mari ngono arek loro iku pamitan mulih.

Seminggu maneh, wong loro iku teko maneh nang dokter Bunali. Persis koyok
seminggu kepungkur, njaluk diperikso jantunge, mari ngono njaluk dipantau pas main.
Bunali wis mulai ngersulo, tapi yo sik dituruti.

Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu.
"Yok opo dok, aman ae tah?" takok Wonokairun.

Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik
kuat. "Koyok minggu wingi, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."

"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.

"Sik tah mbah, aku katene takok. Sampeyan lak wis tak kandani lek sampeyan iku sehat, laopo bolak-balik teko rene ngongkon aku mentelengi sampeyan main. Masio elek, aku iki dokter rek !!, dhudhuk wasit smack down." Bunali mulai purik.

"Ngene lho dok, aku iki wis muteri sak Suroboyo, Mbenjeng, Balungbendo, Ndhiwek sampek Peterongan. Gak onok sewa kamar sing ngisore sepuluh ewu ."


Ceritane paiijo lagi galon(galau),,,
wis g semangat urip,,, banjur paijo mendem entek CIU 15 botol akua,,,
pas muleh ketemu paiman konco kenthele,,,

paiman : oalaaaah jo,,, kowe ki kenopo kok medhem,,,

paijo : ra sah ngurus aku kowe man,,, haek,,,(karo mlaku sempoyongan nyekel botol mendem)

paiman : aku iki konco mu jo,,, wis cerito o karo aku,,,
(karo mapah paijo sing mlakune sempoyongan)

paijo : aku lagi galon man,,,
aku di duakan wong wedok man,,, hick hick(nangis neng pudake paiman),, biyen jare naksir aku,, jebule,,, Prreeettt

paiman : msok atimu lemah banget jo,,,
kowe ki ganteng,, akeh sing naksir kowe,,,

paijo : iyo man,, aku ngerti,, akeh sing naksir aku,,
tp naksir mergo paras lan raiku,, seumpomo aku elek opo ono sing tresno aku,,,

paiman : bener jo,, wong wedok sing ngono iku g bener jo,, mung naksir bondo lan rupo,,
jane sopo to jo sing nggawe kowe galon,,,

paijo : bocah anyar RT sebelah kae man,,(haek,,,)

paiman : sing ndi to jo,,,

paijo : sing ayu kae lo man,, arane paijem,,,

paiman : sing omahe paling pojok dewe kae to jo,,,
mending ojo,,, JO

paijo : emang kenopo man,,
aku iki wis tresno mati,,, karo bocahe(karo nenggak ciu)

paiman : masalahe,,,

Paijem iku biyen arane Paidi sedurunge operasi kelamin
biyen paidi iku konco SMP ku,,,

paijo langsung ora galon maneh tp bacut edan gulung klosotan dolanan lemah



Paijo si joko tuwo curhat karo Paiman.....
critane paijo lg kesengsem kr kmbang deso jenenge Srintel.
tp srintel gk ngreken tresnane paijo.

Paijo : "aku mbok di warahi man crane ben srintel glm karo aku...
koyo kwe byen ngeneke bjomu si paijem kae..
aku pnsaran wong rupamu ra karuan kok paijem cinta stngah mati karo kwe.."

Paiman : "wong kwi ojo mung ngandalke bagus,,,sugeh... ora mung iku tok jo..!
Paijem gelem karo aku mergo aku gae PELET.. lak ra prcyo jajalen..
Ngko srintel msti kedanan karo kowe....."

Paijo : "ooo..ngono to man.... yo ws tak jajale.!"

""Sesoke Paijo ketemu neh mbek Paiman...''

Paiman : "knek opo jo raimu koq benjot kbeh.... ?"

Paijo : "yo iki goro2 kwe.. jare wingi kon ngawe pelet ben srintel gelem karo aku....
wingi aku banjur neng pasar tku pelet 2kilo....
bengine aku nyang omahe srintel. Pelet mau tak wenehke deweke karo ngomong
''Sri.. AILOPYU''.
pelet mau ditompo njor uncalke neng raiku.
jare'ne sri "mbok kiro aku lele kon mangan pelet!''.

Paiman : "whuaahahaha..utekmu pancen longsor tenan jo....
sing tak maksud PELET soko dukun,,,,, dudu PELET gawe pakan iwakkk..kak..kak..kak..!

""Paijo salto peng limo likor ngsi ndosor...""

0 Response to "Percakapan Lucu Dan Humor Koplak Bahasa Jawa"

Post a Comment