google.com, pub-4169750801100201, DIRECT, f08c47fec0942fa0
Contoh Kata Sambutan Bahasa Jawa Untuk Tuan Rumah | MUDA MUDI CONDROWANGSAN

Contoh Kata Sambutan Bahasa Jawa Untuk Tuan Rumah

Contoh Kata Sambutan Bahasa Jawa Untuk Tuan Rumah - Pada kesempatan kali ini saya akan memberikan beberapa contoh sambutan bahasa jawa untuk tuan rumah berbagai tema yaitu undangan pakempalan, jamaah yasin dan juga tema pernikahan. Pastinya bagi orang asli jawa harus sudah bisa untuk berbahasa jawa krama, namun masih ada yang masih bingung dan belum lancar dalam berbahasa jawa yang benar, dalam artikel ini saya akan memberikan beberapa contoh kata sambutan bahasa jawa yang benar dan dapat kalian coba untuk beberapa refrensi dari tiga contoh kata sambutan dibawah ini. 

Baca Juga : Contoh Isi Teks Naskah Pembawa Acara MC Bahasa Jawa Krama


Contoh Kata Sambutan Bahasa Jawa Untuk Tuan Rumah




Assalamu’alaikum Wr.Wb.

Dhumateng ngarsanipun poro pepunden sesepuh, pini sepuh, aji sepuh ingkang dhahat kinormatan, soho poro Bp/Ibu lan poro rawuh sedayanipun ingkang kawulo hormati lan soho poro muda mudi ingkang kawulo banggaken.

Sepindah monggo kito haturaken puji syukur wonten ngarso Gusti Allah ingkang sampun maringi pinten-pinten kanugrahan dumateng kito sedoyo, sahinggo kito saget makempal wonten ing papan meniko kanti wilujeng.

Kulo ngaturaken agunging panuwun dhumateng poro Bp/Ibu ingkang sampun nglonggaraken wekdal hangrawuhi pakempalan dhalu puniko hanetepi undangan saking pengurus RT.
Kanthi nelangsaning manah kulo tansah nyuwun sih samudro ing pangaksami, hambok bilih anggen kawulo nampi karawuhan panjenengan sami hanggadahi kalepatan ingkang manggen wonten ing sedayanipun kulo sekeluargo tansah nyuwun pangapunten.

Soho mugi sekecakno anggen panjenengan lelenggahan ngantos paripurnane pakempalan ing dalu meniko.
Sepindah malih hambok bilih anggen kawulo nampi karawuhan soho atur kulo ingkang kirang mranani ing penggalih panjenengan sedoyo kulo nyuwun agunging pangapunten.
Akhirulkalam Wassalamu’alaikum Wr. Wb.



  • Contoh Kata Sambutan Bahasa Jawa Untuk Tuan Rumah 2 (Untuk Tema Jamaah Yasin)
   Assalamu’alaikum wr.wb.
                Nuwun,
                Dumateng para alim ulama, para ustadz bil khusus bapak Budi selaku ketua jamaah yasin ingkang kulo hormati,
                dumateng sesepuh, pinisepuh, para bapak, saha mas mas anggota jamaah yasin ingkang             kulo hormati ugi.

                Sepindah monggo kita tansah ngatah-ngatahaken sukur dumateng Alloh SWT, dene menopo kita taksih keparingan hidayah saha inayah sehingga saget makempal wonten griyo mriki khanti sehat wal afiat. Mugi mugi kempal kita dalu meniko mbeto manfaat saha maslahah kagem gesang kita fi dunya wal akhirah. Kaping kalih, sholawat saha salam tansah kunjuk dumateng junjungan kita nabi agung muhammad  SAW, mugi mugi kita kelebet  golongan ipun tiyang-tiyang ingkang bejo nampi syafaat awet dunyo dumugi yaumul akhir mangke.

                Bapak bapak jamaah yasin ingkang kawulo hormati, kulo ngaturaken agunging panuwun ingkang kathah dene panjenengan sampun minangkani undangan kuwulo, mugi-mugi karawuhan panjenengan sedoyo dipun catet minangka amal kesahenan ingkang mbeto manfaat lan maslahat kagem gesang  kita. Kawulo nyuwun kanthi sanget keiklasan penggalih panjenengan sami  supados nderek ndongak’aken dumateng arwah leluhur kawulo ingkang sampun sumare wonten alam leluhur.

                Mugi mugi amal panjenengan sedoyo tansah dipun coret minangka amal kesahenan wonten ngarso dalem Alloh SWT. Amin. Sak lajenginpun kawulo nyuwun pangapunten ingkang katah bilih wonten kekiranganipun anggen kawulo nampi karawuhan panjenengan.

                Para bapak ingkang kawulo hormati, mbok bilih acara dalu meniko sampun paripurno lan panjenengan sedaya ngersaake kundur, kulo namung saget ndongaaken, mugi kundur panjenengan dugi dalem piyambak-piyambak tansah dipun ayomi dening Gusti Alloh. Mboten wonten aral setunggal menopo.

                Mekaten, menawi wonten galap gangsuling atur, kawulo nyuwon agunging pangaksami.
Wassalamu’alaikum wr wb.


Contoh Kata Sambutan Bahasa Jawa Untuk Tuan Rumah 3 (Untuk Tema Pernikahan)
Assalamu,alaikum wr. Wb.
Alhamdulillah, monggo kulo lan panjenengan sareng-sareng caos puji kelawan syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kenikmatan soho karohmatan,  sahinggo wonten ing wekdal meniko saget makempal manunggal, silaturrahim kanthi wilujeng kalis ing rubido.
Wonten ing kalodangan meniko kulo minongko talanging atur, mundhi dahwuh saking Bapak ...................  sak kolowongso:

1.     Ngaturaken pambagyo kasugengan lan agunging panuwun ingkang tanpo pepindan awit rawuh panjenengan sami wonten ing papanmeniko sinartan dongo mugi lampah panjenengan wiwit ndalem lan mangke kondur malih pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT.

2.     Ngaturaken agunging panuwun dumateng sanak kadang, tonggo tepalih, mitro pitepangan ingkang sampun kathah paring pambiyantu sahinggo adicoro pahargyan agung walimatul urs wonteng ing wekdal meniko saget lumampah kanti sae kados ingkang sampun karantamaken.

3.     Wondene wigatosipun panjenengan sedoyo kasuwun rawuh wonten ing papan meniko,  mboten sanes inggih kasuwun do’a pengestunipun. Awit panjenenganipun Bpk  ............... sampun ngleksanaaken darmaning tiyang sepuh, inggih meniko nikahaken putro putrinipun ingkang asesilih  ................  kaliyan Bagus  ................,putro kakungipun Bpk. .................. ingkang pidalem wonten ing ..............Akad nikah sampun kalaksanakaken rikolo dinten .......................  . Kanti dongo pangestu panjenengan, sedoyo lumampah kanthi lancar, Insya Allah pikantuk hidayah lan ridho saking ngarsanipun Allah SWT. Ewo semanten, sakmangke Bapak Sulistyo tasih nyuwun gungan panjenengan sedoyo paring tambah dongo lan pangestu kanthi jabat asto kaliyan temanten kekalih, ing pangajab dados keluargo sakinah, mawadah, warahmah. Sak sampunipun jabat asto panjenengan kasuwun angrahapi pasugatan ngunjuk lan dhahar wonten papan ingkang sampun kasamektaaken kanthi mardu mardikaning penggalih.

Poro Bapak lan ibu ingkang kulo hormati,

Kanti kerawuhan panjenengan sedoyo, Bpk Sulistyo saestu rumaosbombong ing manah lan anggadhahi krenteg badhe caos pakurmatan ingkang sak sae-saenipun. Namung keranten kawontenan, mboten saget ananggapi lan caos papan palenggahan ingkang murwat kaliyan pakurmatan panjenengan sami. Milo saking meniko Sedoyo keluargo namung saget nyuwun pangapunten    mugi pangurbanan panjenengan pikantuk lintu ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT.
Ingkang pungkasan, ing mbok bilih sak mangke sedayanipun sampun kapenggalih cekap, panjenengan sedoyo badhe ngersakaken kondur, sedoyo keluargo namung saget ngaturaken sugeng kondur, mugi rahayu ingkang sami pinanggih.
Mekaten, ingkang saget kulo aturaken saking pribadi kulo ing mbok bilih wonten sasar susuring atur ingkang mboten mranani ing penggalih nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum wr.wb.

Semoga dengan artikel diatas yang berjudul Contoh Kata Sambutan Bahasa Jawa Untuk Tuan Rumah  dapat bermanfaat untuk anda yang sedang belajar sambutan bahasa jawa.

0 Response to "Contoh Kata Sambutan Bahasa Jawa Untuk Tuan Rumah "

Post a Comment