google.com, pub-4169750801100201, DIRECT, f08c47fec0942fa0
Contoh Teks Naskah MC Bahasa Jawa Untuk Pengajian Akbar | MUDA MUDI CONDROWANGSAN

Contoh Teks Naskah MC Bahasa Jawa Untuk Pengajian Akbar



Contoh Teks Naskah MC Bahasa Jawa Untuk Pengajian Akbar - Pada kesempatan kali ini saya akan memberikan 2 contoh teks naskah mc bahasa jawa untuk acara pengajian akbar, mungkin bahi kalian yang sedang ada acara pengajian akbar dan anda di tunjuk untuk menjadi pranatacara atau banyak disebut MC dan masih bingung bagaimana cara menjadi mc dalam acara pengajian akbar dalam bahasa jawa. Maka dari itu kami akan membantu anda untuk menyelesaikan problem kalian yang masih bingung untuk membuat nya, dan dengan artikel contoh teks naskah bahasa jawa untuk pengajian akbar ini dapat kalian contoh ataupun hanya sebuah refrensi kalian dalam pembuatan naskah mc bahasa jawa ini. Dan semoga dapat membantu. Langsung saja simak contoh naskah bahasa jawa di bawah ini :

Contoh Teks Naskah MC Bahasa Jawa Untuk Pengajian Akbar


  • Contoh 1 Teks Naskah MC Bahasa Jawa Untuk Pengajian Akbar
Assalamuaikum Wr Wb
Wonten ngarsanipun Shahibil Fadhilah, Al Mukarram, Bapak KH. Wachid Muchtarom M.Pd.I saking tlatah Sinanjer, Madukoro, Banjarnegara ingkang minulyo.

Dhumateng panjenenganipun para alim ulama, ugi para sesepuh, ingkang dhahat kinabekten.

Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala Desa Gumingsir Kecamatan Pagentan Banjarnegara, Bapak Bejo Suroso saha perangkat desa samudayanipun ingkang sinudarsono.

Dhumateng sagunging poro rawuh, kakung sumawono putri ingkang dipun rahmati dening Allah.

Langkung rumiyin, wonten kalenggahan ingkang insyaallah kebak berkah punika, monggo kawula dhereaken, ngunjuaken raos syukur dhumateng ngarso dalem Allah Swt, kanthi waosan "alhamdulillahi rabbil 'alamien", dene punapa ngantos saat punika, kawula panjenengan sedaya taksih pinaringan mapinten-pinten nikmat, rahmat, taufik, hidayah soho inayahipun, sahingga katitik wonten ing siang punika, wanci punika, kawula panjenengan saget kempal manunggal wonten ing punika majlis, ing saperlu angrawuhi Pengetan Isra' Mi'raj Nabi Muhammad Saw tahun 1435 H, ingkang dipun dilaksanaaken dening Majlis Ta'lim Al Huda Kalikidang, Desa Gumingsir, Pagentan, Banjarnegara. Mugi-mugi pakempalan puniko kacatet minangka amal kesaenan kawula panjenengan sedaya ingkang mangke wonten ing akhirat badhe nuwuhaken ganjaran saking ngarso dalem Allah Swt. Amien.

Shalawat soho salam mugi tansah katur, konjuk dhumateng ngarsanipun Nabi Muhammad Saw, kanthi waosan
"allahumma shalli 'ala sayyidina Muhammad wa 'ala ali sayyidina Muhammad",
Nabi akhiriz zaman ingkang dados suri tauladan tumrap kawula panjenengan sedoyo wonten ing panggesangan punika. Mugi-mugi kawula panjenengan sedaya, khususipun ingkang hadir wonten ing punika majlis kalebet golonganipun ummat ingkang badhe pikantuk syafaatipun benjeng wonten ing Dinten Akhir. Allahumma amien.

Saklajengipun, minongko pranoto adicoro, kirang prayogi menawi kawula ngathahaken atur. Pramilo, keparengo kawula ngaturaken reroncening adicara ingkang sampun rinancang dening panitia:

Adicara ingkang angka pambajeng, inggih punika pambuka.
Adicara ingkang angka kalih, inggih punika waosan ayat suci Al- Qur'an.
Ndungkap adicara ingkang angka tiga, inggih punika sambutan- sambutan.
Kalajengaken adicara ingkang angka sekawan, kawula panjenengan lumebet dhumateng adicara ingkang inti, inggih punika, Pengaosan Akbar saking Panjenenganipun Bpk. Drs. KH. Wachid Muchtarom, M.PdI. Ingkang badhe dipun iringi kalian pagelaran seni budoyo Wayang Kulit Dakwah "Ngudi Nugeroho" pimpinan Ki Dalang Wahyono saking Madukoro Banjarnegara
Wondene adicara ingkang pungkasan, nun inggih panutup.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, sumonggo adicara wonten ing dalu puniko kito awiti sesarengan kanthi maos surah Fatihah.

Liridhalilahita'ala wa syafa'ati rasulillah shalallahu 'alaihi wasalam alfatihah:

Mugi-mugi kanthi waosan suratul Fatihah punika, adicara punika mangke sagedo lancar wiwit awal dumugi akhir. Amien.

Adicara ingkang angka kalih, badhe katur waosan ayat-ayat suci Al Qur'an, ingkang dalu punika badhe dipun aturaken dening sedherek Hadiman kanthi Saritilawah sedherek Hesti Rahayu,

Dhumateng Sedherek Hadiman kaliyan Hesti Rahayu, kawula sumanggaaken.

Matur nuwun dhumateng Sedherek Hadiman kaliyan Hesti Rahayu, mugi-mugi amal kesaenan panjenengan pikantuk ganjaran ingkang murwat saking ngarso dalem Allah Swt. Kawula panjenengan ingkang midhangetaken ugi pikantuk rahmat saking ngarso dalem Allah swt. Mugi-mugi kanthi waosan ayat suci Al- Qur'an kalawau, saged dados sarana saya lancaripun adicara wonten ing dalu punika.

Para rawuh ingkang kinurmatan, kito lumebet dhumateng tataran adicara ingkang angka tiga, inggih punika sambutan-sambutan.

Ingkang sepindah, sambutan saking panitia, ingkang badhe dipun sarirani dening panjenenganipun Bapak Aji Nur Wibowo. Dhumateng panjenenganipun Bapak Aji Nurwibowo kawula sumanggaaken.

Matur nuwun dhumateng Bapak Aji Nurwibowo ingkang sampun kerso paring sambutan amawili panitia.

Saklajengipun, sambutan ingkang kaping kalih, inggih punika saking Bapak Kepala Desa Gumingsir. Dhumateng panjenenganipun Bapak Bejo Suroso, kawula sumangga'aken.

Matur nuwun dhumateng Bapak Bejo Suroso minangka Kepala Desa Gumingsir ingkang sampun kerso paring sambutan wonten ing adicara dalu punika.

Hadirin wal hadirat rahimakumullah' Mekaten kalawau, sambutan mbaka sambutan sampun katur wonten ing ngarso panjenengan sedoyo.

Saklajengipun, lumebet dhumateng adicara ingkang angka sekawan, nun inggih adicara inti, Pengaosan Akbar babagan Isra' Mi'raj ingkang wonten ing kalenggahan punika badhe dipun wedharaken dening Panjenenganipun Bapak KH. Wachid Muchtarom, M.PdI ingkan badhe dipun iringi kalian pagelaran Wayang Kulit Dakwah "NGUDI NUGEROHO" pimpinanipun Ki Dhalang Wahyono saking Madukoro Banjarnegara. Lajeng mangke wonten akhiring Pengaosan dipun suwun barakah doa'ipun sekaliyan adicoro panutup.

Para lenggah ingkang kinurmatan, Sakderengipun panjenengan Almukarom Bapak KH. Wachid Muchtarom medharaken pengaosan, kawula minongko pranoto adicara mbokbilih wonten klenta klentunipun atur, saha kirang trapsilaning atur, purwa, madya, wasana, kawula nyuwun agunging sih samudra pangaksami.

Dhumateng Panjenenganipun Bapak Drs.KH. Wachid Muchtarom, M.Pdi, wekdal sakcekapipun sumonggo katur.

Minongko pranoto adicoro Kawulo akhiri Billahittaufiq wal hidayah, wa rridha wal inayah. Tsumassalamu'alaikum Warahmatullah Wabarakatuh.



  • Contoh 2 Teks Naskah MC Bahasa Jawa Untuk Pengajian Akbar
Assalaamu’alaikum Wr.Wb 

Ingkang kinabekten panjenegan ipun ustadz Wuntut Wawan Sembodo. 
Ingkang kinabekten panjenegan ipun Kepala Desa Taji Ibu Indi Astuti. 
Ingkang kinabekten Takmir Masjid At-Taufiq Taji. 

Ingkang kula hormati Ketua Remaja Islam Taji Saudara Hartono, soho poro bapak ibu Hadhirin Rokhimakumulloh. 

Hadhirin-Hadhirot Rokhimakumulloh, langkung rumiyin monggo kito panjataken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kito pinten-pinten kenikmatan, sehinggo wonten ing dalu puniko kito saget makempal wonten ing Masjid At-Taufiq mriki kangge mengeti pengaosan, kanti wilujeng mboten wonten halangan setunggal punopo. 

Sholawat soho salam mugi-migi kunjuk dumateng Nabi Muhammad SAW, engkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang kito raosaken sak meniko, soho engkang kito antu-antu syafaatipun wonten ing yaumil Qiyamah Amin. 

Wonten mriki kuwulo kajibah minongko pranoto hadicoro, badhe maosaken susunan acoro wonten dalu puniko: 

Adicoro kaping setunggal inggih meniko : Pambuko 
Adicoro kaping kalih inggih meniko : Wosan ayat-ayat suci Alqur’an 
Adicoro kaping tigo inggih meniko : Sambutan-sambutan 
Adicoro kaping sekawan inggih meniko : Tausyiah dilajeng Do’a 
Adicoro kaping gangsal inggih meniko : Penutup

Acoro kaping setunggal inggih puniko pambuko, monggo acoro wonten ing dalu puniko kito bikak kanthi waosan basmallah sesarengan.

Adicoro kaping kaleh enggeh puniko wosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang bande dipun waos dining adek Gita Ayu Sekartaji kalian Adek Anik, wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.

Adicoro engkang kaping tigo enggeh puniko sambutan-sambutan: 
  • Sambutan ingkang kaping setunggal saking ketua Remaja Islam Taji, dumateng panjenenganipun saudara Hartono wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
  • Sambutan ingkang kaping kalih saking Kepala Desa Taji, dumateng panjenenganipun Ibu Indri Astuti wedal soho panggenan kulo sumanggaaken. 
  • Sambutan ingkang kaping tigo saking Takmir Masjid At-Taufiq Taji, dumateng panjenenganipun Bapak Samsul Mawarwan,SE wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
Adicoro kaping sekawan enggeh puniko tausyiah dipun lajengaken do’a, dumateng panjenenganipun Ustadz Wuntut Wawan Sembodo saking Jogjakarta, wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.

Adicoro kaping pungkasan inggih puniko penutup, monggo acoro pengaosan wonten ing dalu puniko kito tutup kanthi waosan hamdallah. 

Mekaten saking kawulo menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan sedoyo kulo nyuwun agungin pangapunten. 

Wassalamualaikum Wr.Wb

Semoga dengan artikel diatas yang berjudul Contoh Teks Naskah MC Bahasa Jawa Untuk Pengajian Akbar  dapat bermanfaat untuk kalian semua. Dan jangan lupa share lah pada teman teman anda, karena saling berbagi itu adalah hal yang mulia. Dan jangan lupa mampir ke blog ini lagi karena akan selalu update setiap harinya, dan yang pastinya akan lebih menarik lagi. Cukup sekian dari saya wasalam

Sumber : http://towek.mywapblog.com/ 
              http://anakpedia.blogspot.com/

1 Response to "Contoh Teks Naskah MC Bahasa Jawa Untuk Pengajian Akbar"