google.com, pub-4169750801100201, DIRECT, f08c47fec0942fa0
Contoh Naskah Pranotocoro Bahasa Jawa Kawi Manten | MUDA MUDI CONDROWANGSAN

Contoh Naskah Pranotocoro Bahasa Jawa Kawi Manten

Contoh Naskah Pranotocoro Bahasa Jawa Kawi Manten -

Contoh Naskah Pranotocoro Bahasa Jawa Kawi Manten

Assalamualaikum Wr.Wb
  • Poro pepunden sesepuh aji sepuh ingkang satuhu pono ing pamawas miwah lebdo ing pitutur
  • Poro pinisepuh saha sesepuh ingkang hanggung hamastuti dumateng pepeoyaning kautaman ingkang pantes nampi pakurmatan
  • Poro pangenban pangembating projo satrianing nagari ingkang minangka pandam-pandoming kawulo dasih.
  • Nuwun inggih para brayat ageng barayo wiro wiyoto wiro tamtomo purno karyo labet projo ingkang sampun wenang nampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagyo mulyo.
  • Kunjuk panjenenganipun poro alim para –para ulama, bopo haji saha ibu hajah poro santriwan santriwati ingkang rinten dalu tansah sumanding kitap suci wahyuning ilahi, pinangka panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuing budi.
  • Poro sedyo werdo carono madyo tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagyo mulyo.
  • Mboten katalumpen kadang kulo werdo mudo taruna mudi taruni ingkang minangko sekaring projo ingkang tansah kawulo tresnani.
*Mrandopo awit keparengipun ingkang hamengku gati nuwun inggih panjenenagipun Bp……(yang punya hajat)…kulo ingkang ingkang kapitedan hambuko wiwaraning suko dwaraning kondo, jejereng pambiawara punapa dene pranata adicara hangaturaken rantamaning tumapaking titi laksito adicora, ingkang sampun rinantam dening kadang kulo wongso kaeneraken wonten ing pahargyan agung prastowo sowanipun.
(Sebelumnya menginjak acara seorang MC bahasa jawa kawi  mengajak hadirin untuk mengucapkan  puji syukur kepada sang pencipta) Sang yaning poro tamu kakung miwah putri, ingkang tansah satuhu bagyo mulyo
Sak derengipun kawulo hangaturaken rantamaning titi laksito adicoro sumonggo tansah kawulo derekaken memujo lan memuji dhumaten g Gusti ingkang hamurbeng dumadi nuwun inggih ALLAH SWT ingkang tansah paring rahmat, taufik, hidayah sarta inayah ingkang tansah rumentah dumateng kulo panjenengan sedoyo ing antawisipun nikmat sehat,sempat saha nikmat islam. Sahinggo kulo panjenengan sedoyo saged makempal silaturahmi saho saged  netepi darmaning agesang nuwun inggih wonten ing pahargyan agun prastowo punika.
Sholawat saho salam mugi tansah katur dumateng  nabi agung Muhammad  SAW ingkang  tansah dipun tenggo- tenggo syafaatipun wonten ing yaumil Qiyamah.
Kanthi raos panelongso panjenenganipun Bp kulo ingkang hamengku gati nuwun inggih Bp……(nama yang punya hajat)…nyuwun dhumateng ngersaning para tamu sutrisno  mugi anggenipun ngentas pitulus putrinipun nuwun inggih nimas dyah kusumaning ayu Rr…..(nama pengantin putri)…… ingkang badhe kadaupaken kaliyan Bagus… (nama pengantin putra)… atmajo panjenenganipun Bp….(nama orang tua dari pihak besan)…ingkan g pidalem wonten ing…..(alamat)…. Mugi anggenipun netepi dharmaning asepuh hamiwowo suto mahargya siwi tansah kali s ing rubedo nir ing sambikolo soho  tinebehno saking siku dendaning Gusti ingkang maha Kuasa.
Sang yaning poro tamu kakung miwah putri ingkang dhahat pinundhi-pundhi. Kaparengo kulo sumawelo atur saho ngigeg anggen panjenengan wawan pangandikan saho imbal wacono ingkang saperlu badhe hangaturaken urut reroncening adicoro  wonten pahargyan agung prastowo punika.
Bilih adicaro ingkang angka:
  1. Binuko pahargyan agung prastowo
  2. Sowanipuntemanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasono rinenggo
  3. Atur pambagyo harjo
  4. Pasrah gatining karso saking sesulihing besan
  5. Panampi saking sesulihing ingkang hamengku karso
  6. Panjrahing sari puspito adi punopo dene panggihipun risang pinanganten sarimbit
purno diniro panggih, badhe kapacak upocoro adat widi widono kacar kucur, dulangan, timbangan saho sungkeman. Wondene pratondo paripurnaning paharyan menawi temanten sarimbit sampun jengkar saking sasono rinenggo hanuju sangajengipun balai wismo, tanda yekti pawiwahan sampun paripurno.
Wassalamualaikum wr.wb

Semoga dengan postingan diatas yang berjudul Contoh Naskah Pranotocoro Bahasa Jawa Kawi Manten dapat bermanfaat untuk sobatku semuanya. Sumber: http://pidatobahasajawa.com/

1 Response to "Contoh Naskah Pranotocoro Bahasa Jawa Kawi Manten"